Bung Karno Ndesep

LANGIT klawu hawane semromong srengenge luntap-luntup kalingan mega. Wulan Maret – April wayahe mangsa pancaroba, mangsa antarane rendeng karo ketiga. Kayong pan ben dina langite klawu akeh bledeg, gludug, udane lan angine gede, pirang-pirang dina sing kepungkur udane sedina-dina. Mung bae dina ahad wingi ora udan ora grimis srengengene samar-samar.

Atik pit Man Damin nylinteri alun-alun melu-melu car free day. Ben dina ahad alun-alun Tegal ora olih dilewati mongtor atawa mobil, awit jam 6 sampeken jam 8 esuk, sing olih manjing mung wong mlaku karo pit tok. Gili sing muteri alun-alun akehe wong pada mlaku olah raga, sing atik pit ora pati akeh malahan pada liren nang ngarepe jumbleng anyar ngarepe bekas bioskop Dewa.

Sawise ting tong nyapa maring batir-batire sing pada liren nang ngarepe jumbleng, Man Damin ora melu liren tapiken muter mubeng alun-alun labas maring Jl. Pancasila. Nang Jalan Pancasila ngarep stasiun Man Damin mandeg pite distandar toli nyopot cindung lakene nggo kipat – kipit luruh angin ben madan semriwing. Man Damin nguja mandeg mergane weruh spaduk pating crantel nang nduwure lapak PKL. Sing dodolan pada protes mergane lapake repan digusur.

Nglinguk ngalor ana patung poci sing kelire wis ora genah, tamane ya wis ora katon taman, dong sore nggo dodolan. Mbang kulone patung poci ana tugu Pancasila paribasane ngejejer dewekan laka sing nyapa, slurukan sing nggo playon bocah-bocah ya wis ora kerumat.” Taman kiye jaman Walikotane Pak Adi Winarso arane Taman Poci, saiki ora kerumat mung gari pocine sing ora mantur maning, ya Kang? ” kandane Man Damin maring tukang becak sing lagi ngetem nang ngarep stasiun.

” Taman poci saiki pindah maring bekase SD Panggung mburine kantor Birao oh Man, ” semaur tukang becak sing ngetem nang ngarep stasiun. Man Damin klakep meneng raine rai katon bingung.” Kayong wis ora pada pinter gawe aran apa yah, awiten arane Taman Pancasila ganti Taman Poci, gawe taman maning darani Taman Poci, ” Man Damin mbatin.

Penasaran apa sing domongna tukang becak, Man Damin tokser ngalor maring mburine kantor Birao. Ana taman ora pati amba tapiken asri lumayan kena nggo tongkrongan, nang ngarepe ana tulisan “Taman Poci.” Jare adong esuk apa sore akeh wong jagongan nang kono. Malahan dong esuk dina ahad akeh wong olah raga mlaku nyeker mergane nang taman kuwe ana plataran sing nguja jogane diplester watu krikil nggo pijet refleksi karo mlaku.

BACA JUGA :  Kesehatan Mental Mahasiswa, Keluarga Menjadi Peran Penting Sebagai Tempat Bersandar

Sing nggo ngruwedi nang njero taman kuwe sering akeh mongtor, sokane malah becak, wis tamane laka geyongan, laka slurukan atawa panggonan sing nggo dolanan bocah-bocah cilik kaya sing tau ana nang taman poci Jl. Pancasila, mongtore melu sol-solan nang taman. Gudune lawang Taman Poci aja atik rejeg wesi gredegan tapiken rajeg patok ganggang duwure sewudele wong tua eben mongtor ora bisa manjing. Dong pan mancing bae wong kudu miring, odong wong lemu ya bonggane sapa kelemon.

Nang Kota Tegal tamane ora pati akeh, paling-paling taman nang pertelon Jl. Slemet Riyadi mburi Barata ora kerumat, ngarep Gedung DPRD banyu manture ya ora kopen, taman Adipura ngarep bengkel Baruna katon ambles mergane gili mbang lore duwur nemen. Ana alas kota nang Todan mung sa iprit. Adong mangsa ketiga, kota Tegal semromonge por apamaning sing umahe mbang lor perek Pelabuhan Jongor, wis semromong mambu baleng iwak bosok. Wis kaline bacin hawane baleng .

Anjog Todan Man Damin labas ngulon kringet gembrojos. Langit megin klawu, manjat flyover Todan Man Damin katon lempoh, olih nggenjot pit ketepolan ora bisa kebat. Liwat gili Muarareja sampeken Jl. Mataram, kiwa tengene isine wong adol sarapa, ana kupat bongkok, ponggol, sega bubur, lengko, alu-alu, ketan lan liyane. Selugune Man Damin kemecer pengin tuku kupat bongkok karo alu-alu, tapiken isin runtunge mergane sing tuku wong wadon kabeh.

Nang Pesurungan Lor perek Jalingkut sing kentang-kentang, Man Damin pangling lapangan bal saiki madan tata, malah wis ana arane “Taman Bung Karno.” Lapangan bal sing maune lagaran bulakan mung ana gawang lor – kidul, saiki mubeng ana iyub-iyubane sing payone duk, sakane glugu nggo jagongan karo nonton bal-balan. Ana wit witan karo kembang kertas mung ora trep karo omongane adong bulakan kuwe taman. Sing nggo getune Man Damin pahlawan bangsa proklamator, Bung Karno mung nggo aran taman sing panggonane ndesep, wis kaya kuwe tulisan Pesurungan lor gari SU NG OR.

KAMUS TEGALAN

diplester = ditutup
duk = ijuk
kemecer = ingin sekali
ketepolann = kewalahan
lagaran = apa adanya
lempoh = lemah
ndesep = sembunyi
sokane = kadangkala

Scroll to top
error: