(Oleh Ki Sengkek Suharno, Sanggar Razis Putra Laras Tegal)
smpantura – Peradaban kuwe ora tumurun sekang langit kaya udan. Peradaban kuwe digarap nganggo kringet, diopeni nganggo ati, lan diterusna nganggo iman marang awake dewek. Nek ora, ya mung dadi crita nang buku tuwa sing berune nang rak.
Nyong koen kabeh yakin temenanan Indonesia kuwe dudu mung garis-garis nang peta sing digambar wong landa biyen. Indonesia kuwe napas. Indonesia kuwe kumpulane ewonan pulo sing saben esuke disapa srengenge beda. Ewonan basa sing saben sorene nembangna dongeng beda. Ewonan tembang sing ngibur wong susah. Ewonan cara nyawang langit, laut, gunung, alas, lan manungsa.
Beda kuwe dudu penyakit. Beda kuwe dudu alesan go tukaran. Malah sekang bedane kuwe, sekang rame-ramene kuwe, lahirlah siji jeneng sing gagah: Nusantara.
Tapi wis suwe banget nyong koen kabeh digawe klalen. Diajari yen kebudayaan kuwe larange nang gedung kaca. Bahwa seni kuwe mung ana nang galeri. Bahwa sejarah kuwe mung tugase para profesor. Padahal asline ora kaya kuwe.
Coba delengna. Kebudayaan kuwe metune sekang endi? Metune sekang tangane wong cilik sing ora tau mlebu TV.
Sekang bapake tani sing esuk-esuk wis nang sawah, ngerti kapan udan arep teka sekang ambune lemah.
Sekang ibune sing lagi nenun, sambi nglebokna terut -siji benange diselipna critai mbiyen: crita perang, crita tresna, crita panen.
Sekang bapake nelayan sing turu nang prau, ngerti jenenge bintang go muleh.
Sekang buruh pabrik sing tangane kapalen tapi tetep nyempetna wayang kulit pas malam Jumat.
Sekang tukang kayu sing ngowahi wit jati dadi prau sing wani ngelawan ombak.



