346 Ronggeng Sing Wajib Disawer

Daning: Atmo Tan Sidik 

(Kabag Humas Kabupaten Brebes tahun 2010 – 2015; Penerima Anugerah Kebudayaan Kemendikbud RI)

 

Kocap kacarita,

Yen sing dadi wong tuwa

Sregep tetapa

Anak putu sing bakal nampa

 

Esih cetha ning Candra Sengkala

_Mangesthi Wicara Ebahing Praja_

Lair Wolulas Januari Mangsa Kapitu

Dina Senin Kliwon

Taun sewu nematus pitung puluh wolu

 

Pesen, mbabar isine wasiat:

“Anak putu aja pada gawe satru”

Senajan gonge pecah

Waktu tinabuh

Senajan esih ana sing khilaf

Sawise nglakoni maksiat

Tapi esih ana niat taubat

 

Sebab ana 346 pelem

Sing kecokot codot

Ana 346 lenggarangan sing

Dudu sembarangan lenggarangan

 

Sing kabeh mau perlu diwacakna

Donga tolak bala

Nganggo rujak nanas

Sing bumbune patrol burak

 

Akeh uga fatwane ulama

Sing nggawe tuk banyu pada bening

 

Sing mbang wetan dikancing rasa

Sing mbang lor dikancing sari

Sing mbang kidul dikancing puji

Sing mbang kulon dikancing geni

BACA JUGA :  Market Place Bumiayu, Program Terbaru Membantu Pelaku UMKM Lokal

Sing tengah digawe bungah

 

Sebab, 346 ronggeng wajib disawer

346 wali bareng nggoleti gamelan sing ilang

Sing lamon ketemu bakal mein jamu

346 gelas jelas nang

Bahasa Indonesiane tambah melas

 

Ora usah ngenteni dijewer,

Yuh, pada nyawer!

 

Kiye pan Pilpres

Ora usah digawe stres

Tapi, digawe  fresh

 

“Barang siapa yang memilih seseorang sedangkan ia mengetahui bahwa ada orang lain yang lebih wajar dari yang dipilihnya maka ia telah mengkhianati Allah, Rasul, dan amanat umat”

 

346 wong sing pada teka

Ndedonga

Mangesthi Wicara Ebahing Praja

Kudu bisa rumangsa

Aja rumangsa bisa

 

Aja pada cengeng

Lagi ungsum wong

Nanggap ronggeng

 

Sluman, Slumun, Slamet Dina Dadine Kabupaten Brebes Sing Kaping Telungatus Patang Puluh Enem

 

Muga tambah ayem

 

346 plowotan sing meyeg perlu dijejegaken

Endah uripe tata, wajib nyanding literasi waskita

error: