-
Puisi Tegalan karya Atmo Tan Sidik
Wis akeh wong sing pada kanda
Yen deweke dikenale Akademisi Pencanda
Grapyak maring sapada-pada
Ora kemantil nemen nang bab jogroge dunya
Saiki dadi Rektor universitas Bhamada,
sadurunge dilantik statuse duda….
tapi saiki wis duwe widadari : ibu Harini Pujiastuti…
sing asale Boyo Lali….
dudu BOJOLALI…
sebab wonge teliti tur Gemati
Lah..kabar terkini…
mas Opung karo bu Rini lagi mbagi 68 nampan juadah pasar….
17 nampan nggo Brayah sing Mbang kulon,
17 nampan nggo.brayah sing mbang wetan,
17 nampan nggo brayah sing mbang kidul,
17 nampan nggo brayah sing mbang Lor
Ndongane Mas Opung Maufur, tetep akur.
Nyampur karo kabeh sedulur
Sing sakasur, sedapur, sesumur, tunggal galur…
kabeh Eling bakale dikubur…
sangune njunjung budi.pekerti Sing Luhur….
Kyeh…68.nampan juadah pasar…
muga para malaikat pada melu cawe-cawe
mbeningaken isine Kabar
sing ora kabur…
kaya sing dadi hajate :
Opung MAUFUR
Puis ini menjadi kador dari sang maestro pantura, Atmo Tan Sidiq kepada Rektor Universitas Bhamada Dr.H.Maufur Marghub Abdul Azis MPd yang berulang tahun ke 68. (*)