Dietung asale taun dadi wulan dadi dina dadi jam dadi menit, jebule nang ahad wage kie Gus Mus wolung puluh siji umure.
Kena ditiru ilmu lakune, ora jumawa gelem nulis asmaul husna nang tarjamah bahasa jawa, uga nulis nabi dalam canda dan tawa, sing nyritakena awit sandale wong tegal uga saleh ritual saleh sosial.
Gus Mus uga guyon maton ngubah stres dadi fresh, bab calon wali gagal merganane dadi tim sukses.
Dina kiye ana kado 81 warung poci sing apike dibagi, 33 warung kanggo bocah yatim, 33 warung kanggo TNI Polri endah semangat mbrantas judi, 7 warung kanggo DPR-RI endah ora runtag ngesahna undang-undang perampasan aset, sing 4 warung kanggo biduan karo tukang adzan, sing 4 warung maning kanggo seniman wartawan uga anggota jam’iyah al fesbookiyah.
Endah aja salah ngetik endah aja salah ngeklik, bikin betul aja salah nutul kaya nang Al -Ibriz, karangane Mbah Bisri sing wis dikoreksi, nang surat Al Fath ayat 18, maunen ditulis laqod radhiyallaahu ‘alal mu’miniina, sing bener laqod radhiyallaahu a’nil mu’miniina.
Semanten ugi Gus, kulo nyuwun niki : Bangsa sampun salah tulis dados bangsat, sugeng milad kaping 81 taun.