Manuk blekok mabur saka Losari, teka sanduwure segara muarareja
Sewiwine njepapang karo ngabarna yen sing dadi wong tuwa seneng tetapa, anake sing bakal nampa bagja
Uga para kamituwa pantura pesen urip aja nggege mangsa sebab deweke wis ngucapena.
Allahumma yen pancen iya masa ora, yen pancen ora masa iya.
Kanggo Profesor Taufiqulloh kie dongane Mbah Abdul Wahab Chasbulloh.
Dina Selasa manis kie UPS di glontor rong profesor muga lakune tetep andap asor.
Ora ngodor lamon disuguhi antor, tetep eling wasiate bapa gede, lamon diaturi walimah tanggane ora kakehen gawe alesane.
Samono uga kanggo Profesor Suyono apike uripe aja ngoyo, ora terus takon bisane jumlahe mung samono?
Sebab keadaan lagi ora jelas nang bab asal usul, utawa silsilahe upin karo ipin, uga durung dijawab aseli apa palsu ijasahe.
Muga wong loro sing dikukuhna dadi profesor, lorone dadi layar sing ora wedi maring ombak.
Wis dadi info global sate tahu aci teh poci bahasa sing terus viral ya Tegal, lugune Tegal : Think global act local.
Tancep kayone layar ora usah wedi maring ombak.
Atmo Tan Sidik adalah Pegiat Literasi, Duta Baca Kota Tegal, Penerima Anugerah Kebudayaan Kemendikbud RI dan Penghargaan Tokoh Pamomong Jawa Tengah, 25 Juli 2025. (**)