- Daning : Yono Daryono
smpantura – ASURANSI Kesehatan atawa Askes, perusahaan deke Negara sing nangani, njamin lan meliara kesehatan kanggo Pegawai Negeri Sipil, pangsiunan, TNI/POLRI, Veteran, Perintis Kemerdekaan karo keluargane, kanggo wong pansiunan manfaate nemen.
Man Damin, pangsiunan PNS ya olih Askes, angger lara atawa mung mriang maring Puskesmas, ora mbayar angger obate generik, dudu obat paten. Gadi sing melu Askes jatahe obat generik, angger olih resep dokter toli resepe obat paten, ya kudu mbayar dewek. Dong anuk angkohe dokter ngeine resep obat paten, regane semelet. Mulane wong sing duwe Askes, dong maring rumah sakit ngomong doktere njaluk obat generik, aja meneng bae.
Wulan wingi, Man Damin maring Puskesmas njaluk rujukan nggo mriksa jantunge nang Rumah Sakit Mitra Keluarga, Jalan Sipelem Kota Tegal. Daning doktere, Man Damin dingein resep obat nggo sewulan. Barang obate wis enteng, Man Damin senin esuk maring rumah sakit maning, karo nggawa surat Jaminan Pelayanan Rawat Jalan sing rumah sakit. Surat kuwe, awiten rujukan sing Puskesmas diganti ganing Rumah Sakit Mitra Keluarga dadi Surat Jaminan Pelayanan, nggo brobat maning.
Surat kuwe kanggone sampeken telung wulan. Mendah teteg Man Damin maring rumah sakit ora keri kartu Askes sing nggo kadiran digawa. Anjog rumah sakit Man Damin maring Poli spesialis, ndaptar.
“Nok, nyong repan priksa jantung maning,” kandane Man Damin, maring bocah wadon sing ngladeni nang poli. Man Damin nylonongna surat brobat Jaminan Pelayanan Rawat Jalan karo nondokna kartu Askese.
“Pak, teng riki saniki mboten nrima Askes, menawi Bapake bade mriksa nggih kados tiang-tiang sanese, mbayar. Namung mangke Bapake angsal potongan gangsal persen,” semaure bocah wadon sing jaga poli. Man Damin bingung krungu semaure bocah wadon sing jaga poli.
“Dadi kartu Askes saiki ora kanggo nok, lah surat sing rumah sakit kiye jare kanggone nganti telung wulan, kiye gurung telung wulan oh nok,” kandane Man Damin karo nodokna tanggal pungkase surat brobat.
“Nggih Pak, ngapunten, awit sasi Januari teng ngriki mboten nrima Askes, ” semaure bocah wadon sing jaga poli.


