smpantura – “AJA gelem dikongkon yen durung wani, aja kakean takon yen bakale ngisin-ngisini.”
Nyong ning Tegal kye nduwe kanca akrab akeh, salah lorone (dudu salah sijine loh..) sing pan tak ceritakena arane pak Agil Riyanto lan pak Mudjiono.
Pak Agil Riyanto saiki dadi juragan blengong goreng aran ABG alias Agil Bebek Goreng, buka warune ana ning Tegal, Pekalongan, Batang, lan ning Tasik Malaya (dudu malaya malesia).
Yen pak Mudjiono, ngurus yayasan pendidikan sing ngelola SMK Medika Tegal. Wong loro kye pada-pada mantan anggota DPRD Kota Tegal tahun 2004-2009.
Kae yen ngarani nyong, seringe ya mantan wakil wali kota.
Padahal,.. nyong wis ngandani yen nyong kye wakil wali Kota Tegal paling disit alias pertama, ora usah nganggo mantan.
Gemiyen lagi pada-pada nyambut gawe ning pemerintahan sering nemen kumpul, ngobrol, guyon, pit-pitan.
Pak Agil angger nganakna acara temu kader partai nggo ngayaki karepe bae ngundang nyong, kongkon melu-melu ngomong.
Sokane nyong malah teka ndisit, wonge tesih secuil, nyong dijor kelowor ngenteni. Kanggo njaga kekancan, nyong ya wis nurut bae.
Bengi kuwe pak Agil pidato, monine: “Yth Pak Maufur.., sing tak hormati pak camat, pak lurah, dan sedulur-sedulur kabeh sing ora bisa tak sebutna arane siji siji”.
Pas rampung ngomong ora bisa nyebutna siji-siji, nyong nein kode karo deweke.
Pak Agil mandeg ngomonge, ngadep nyong karo takon, “Ana apa pak Maufur?”
Nyong njawab, “Sampeyan pengin bisa nyebut tamune siji-siji?”
Pak Agil penasaran takon maning, “Iya priben pak?”
Terus nyong njelasna, “Kae kan ana daftar hadir, ana arane kabeh, yen pengin nyebut siji ya tak jukutna. Tak jamin bisa nyebut siji-siji.”


