Aja Takon Bae Gen !

Daning : Dr Maufur

Ilustrasi

Krungu omongane kaya kuwe pak Agil mesam-mesem karo ngomong lirih,

“Asem, tak kira sih apa. Tapi iya bener ta bener”.

Seasline deweke dudu ora bisa, tapi ora  pengin. Soale angger dionekna arane siji-siji, engkone suwe ora jamak.

Sejen maning karo pak Mudjiono. Deweke kye nduwe kekarepan pengin ngertine gede, dadi ya sering takon. Takone ya apa bae, sakemutane.

Saben ketemu nyong, deweke kayong gatel, sadelat-delat takon, sadelat-delat takon.

“Pak Maufur, yen kye donge kepriben sih…..yen kae sih kaya apa…….bisane kaya kiye kenang apa….?” lan liya-liyane.

Dina kuwe ning acara penting, pak Mudji takon soal penegerian UPS.

Nyong pan njawab, tapi ora kepenak karo tamu liyane.

Nah… ben ora takon terus, nyong nguja nyelimurna deweke.

“Pak Mudji, sabenere nyong kye pan njaluk tulung karo njenengan. Bisa pak?”.

Langsung pak Muji ndelengna nyong, terus takon, “Pak Maufur pan njaluk tulung apa karo nyong?”

BACA JUGA :  VIRAL KAIH: Tingkatkan Kemandirian Murid di SMA Negeri 1 Slawi

“Ora saiki pak, engko bae. Soale kye lagi acara.”

Nyong meneng, pak Mudjiono ya melu meneng, dadi pada-pada meneng.

Bedane nyong meneng merga ngerongokna wong pidato, pak Muji meneng karo mikir, kira-kira pak Maufur pan njaluk tulung apa ya (ndeaaaan…).

Anjog acara bubar, nyong terus lunga, pak Muji ya kaya kuwe, soale deweke ana acara liyane.

Sauwise pitung dina, nyong ketemu pak Mudji maning ning sanjerone gedung Adipura balai kota, pas ana acara pisah sambut Kepala Polisi Kota Tegal.

Nah ning kono ya pak Mudji masih nyempatna takon karo nyong.

“Pak Maufur, jare wingi pan njaluk tulung nyong. Sida beleh?”

Nyong mangsuli, “aduh pak, sida sih sida, tapine ora saiki. Engko wis, kye soale lagi acara. Ora kepenak owh.”