Kayonge ta pak Muji ya radan paham, pancen lagi acara, dadi ya uwislah gampang. Tapi yen ndeleng raine kayong masih penasaran.
Telung dina bar kuwe, nyong ditelpon pak Agil.
“Pak, jare njenengan pak njaluk tulung karo pak Mudji. Pan njaluk tulung apa sih?”.
Nyong ya mangsuli, “owh iya, engko adong ketemu wis”.
Pak Agil ya kayonge setuju, tapi esih takon, “terus kapan pak?”
“Kayonge ta telung dina maning ana acara sing nyong, njenengan, lan pak Mudji bisa ketemu.”
Barang klewat telung dina, nyong njagong ning kursi sanjerone pendopo.
Ora let sadelat, pak Agil karo pak Mudjiono teka, langsung marani nyong.
Ora nganggo kesuwen, pak Agil takon.
“Kyeh, saiki wis ketemu wong telu. Nyong nganter pak Muji pan nakokena maring njenengan,.. njenengan pan njaluk tulung apa karo pak Mudji. Soale pak Muji ora sabar pengen ngerti, tur yen bisa ya pancen pengin nulung.”
Awite nyong meneng bae, apen-apen ora krungu.
Tapine ndeleng wong loro kayong wis radan ngodor ora sabar ngenteni, nyong mangsuli alon-alon karo dak suwe-suwe.
“Pak Mudji, angger nyong njaluk tulung njenengan ora papa?”
“Ya ora papa yah, wis saiki kari ngomong pan njaluk tulung apa?” jawabe pak Mudji mantep nemen.
Nyong mereki pak Mudji, pak Agil ya ngelodod, dadi wong telu kaya pan adu endas.
Terus nyong ngomong. “Marga pak Mudji takon terus, dadi nyong ya kudu ngomong. Asline nyong mung pan njaluk tulung karo njenengan, yen njenengan kye aja takon bae gen.”
Krungu omongane enyong sing wis dienteni rong minggu mung kaya kuwe tok, pak Agil karo pak Mudji njimprak karo sumpah serapah, tapine karo ngguyu bareng.
“Asem, jebule pak Maufur kye ngerjani. Tiwas ngentenine wis rong minggu. Tak kira apa, jebule dudu apa-apa.”


