” Taman poci saiki pindah maring bekase SD Panggung mburine kantor Birao oh Man, ” semaur tukang becak sing ngetem nang ngarep stasiun. Man Damin klakep meneng raine rai katon bingung.” Kayong wis ora pada pinter gawe aran apa yah, awiten arane Taman Pancasila ganti Taman Poci, gawe taman maning darani Taman Poci, ” Man Damin mbatin.
Penasaran apa sing domongna tukang becak, Man Damin tokser ngalor maring mburine kantor Birao. Ana taman ora pati amba tapiken asri lumayan kena nggo tongkrongan, nang ngarepe ana tulisan “Taman Poci.” Jare adong esuk apa sore akeh wong jagongan nang kono. Malahan dong esuk dina ahad akeh wong olah raga mlaku nyeker mergane nang taman kuwe ana plataran sing nguja jogane diplester watu krikil nggo pijet refleksi karo mlaku.
Sing nggo ngruwedi nang njero taman kuwe sering akeh mongtor, sokane malah becak, wis tamane laka geyongan, laka slurukan atawa panggonan sing nggo dolanan bocah-bocah cilik kaya sing tau ana nang taman poci Jl. Pancasila, mongtore melu sol-solan nang taman. Gudune lawang Taman Poci aja atik rejeg wesi gredegan tapiken rajeg patok ganggang duwure sewudele wong tua eben mongtor ora bisa manjing. Dong pan mancing bae wong kudu miring, odong wong lemu ya bonggane sapa kelemon.
Nang Kota Tegal tamane ora pati akeh, paling-paling taman nang pertelon Jl. Slemet Riyadi mburi Barata ora kerumat, ngarep Gedung DPRD banyu manture ya ora kopen, taman Adipura ngarep bengkel Baruna katon ambles mergane gili mbang lore duwur nemen. Ana alas kota nang Todan mung sa iprit. Adong mangsa ketiga, kota Tegal semromonge por apamaning sing umahe mbang lor perek Pelabuhan Jongor, wis semromong mambu baleng iwak bosok. Wis kaline bacin hawane baleng .