Dina Coblosan

FOTO : Ilustrasi

Daning : Maufur

smpantura – Dina Minggu tanggal pitulikur Oktober wingi, nang Kota Tegal lan Kabupaten Tegal ana pilihan Bupati lan Walikota karo wakile.

Ana sing ngarani perayaane rakyat, kanggo milih pimpinane langsung, lan rahasia.

Priben ora kaya perayaan? Akeh wong kumpul-kumpul nang umah, nang gedung, nang dalan-dalan, lan nang lapangan.

Nang endi-endi, ana spanduk, stiker, bendera, umbul-umbul, lan baliho. Ana bagi-bagi hadiah, bagi-bagi kaos, bagi beras, mi, lan ana sing-bagi-bagi duit.

Persiapane KPU, Panwas, tim sukses, para calon, keamanan, para kyai pada ndonga, sing pan nyoblos,  lan liya-liya sing ana hubungane karo pilkada wis temenan.

KPU woro-woro nganggo pirang-pirang cara. Nganggo  Radio, koran, spanduk, SMS, blusukan nang terminal, stasiun, pasar, lan liya-liyane.

Dina esuk Jumat, kurang rong dina coblosan, enyong olih SMS saka pak Sukartono, ketua KPU Kabupaten Tegal.

BACA JUGA :  Motif Batik Tegalan Sebagai Media Pembelajaran Keragaman Budaya dan Kearifan Lokal

SMSe isine pantun, monine: “Gawe galur pinggire kalen, banyune ngember akeh krikile, ayo sedulur aja pada klalen, tanggal pitulikur oktober  milih bupati karo wakile”.

Sauwise tak waca, let sadelet anan maning.

“Lampu sentir nang pinggir dalan, nggo liwat pedati maring cacaban. Ayo kanca batir aja pada tukaran, milih bupati wis dadi kewajiban”.

SMS mau ngajak  warga kabeh supaya coblos. Soal pan nyoblos pasangan sapa, sih apa jare sing pan milih.

Sorene enyong olih SMS saka mas Catur, isine ya pantun. Tapineng ngejak nyoblos pasangan wali kota lan wakil wali kota sing disebut nomore.

Kurang luwih isine kaya kiye.

Sing kaping siji:  “Tuku gergaji kudu tuku liyane, timbang nyoblos nomer ….. suka milih nomor…..”.