Dina Coblosan

FOTO : Ilustrasi

Mas Reza takon, “Dadine kabeh calon didukung? Sih piben maksude?”

Terus mas Atmo njelasna, “Maksude ndukung, angger dadi supaya engkone amanah, angger kalah supaya sing sabar. Dudu didukung terus dadi kabeh”.

Dina sabtu esuk kurang sadina pilihan, enyong olih SMS saka kanca sing aran Puji.

“Maaf ya, kiye ora tak sengaja loh, lan dudu golput, enyong dina engko esuk minggu ora nyoblos, soale pan lunga maring  Klaten. Aja dikanda-kandakena karo liyane ya, mbokan diarani sengaja golput”.

Enyong takon, “Pan apa maring Klaten”? jawabe, “Pan nganter bojo ketemu karo kanca-kancane”.

Batin enyong, eh ana sing luwih mentingena ketemu kanca-kanca yah.

Pirang dina sadurunge, enyong ya olih SMS saka bu Kapriatun.

Jarene, “Tim suksese calon wali kota pada blusukan mein amplop. Malah rakyate dadine nantang, wani pira? Sing mein akeh ya tak coblos. Apa kaya kuwe kasile demokrasi, priben nasib wong-wong sing cerdas, ko malah dadi ora amanah. Sing dadi kayonge sing duwe modal nggo blusukan karo srag srog. Mbuh mbangkanane bar pilihan klalen. Beda karo pil KB. Pil KB, klalen malah dadi, tapineng angger pilkada, sauwise dadi malah klalen. Mulane aja gelem disuap, terus yen kedadian ana suap menyuap diukum bae sing luwih abot”.

BACA JUGA :  Walikota yang Walinalar

Enyong mbatin, asline bagi-bagi amplop, toli sing arane serangan fajar ana belih sih.

Dina Minggu pas dina coblosan, esuk-esuk nang lapangan tenes, enyong diceritani  karo kancane enyong pak Sanari, sing dadi jaksa tugase nang Jakarta.

Jarene, “Enyong nembe weruh sing arane serangan fajar, mau esuk-esuk. Tangga-tanggane enyong dimeini amplop ana duite karo gambare calon. Bojone enyong ya dinein, tapineng  ora gelem. Enyong sing malah ngomong, tampani. Sing penting ora ngejak. Yen ngejak ta enyong ora olih, mbokan ngejake digawa marang endi-endi lah blahi”.