Gemladag

Foto : Ilustrasi AI
  • Daning : Maufur

smpantura – Dina Rebo, tanggal telu likur wulan Agustus jam wolu luwih patang menit, enyong olih SMS, kaya kiye monine:

“Assalamualaikum, sugeng enjing Pak Maufur. Kula Siska, mahasiswa Unnes. Nuwun sewu pak, kulo wonten penelitian babagan kumpulan cerkak (crita cekak) Warung Poci karyanipun Pak Maufur. Niyatipun kula badhe wawancara bab menika. Kados pundi nggih pak? Matur nuwun”.

Enyong ya langsung njawab, “Waas wr. wb. Nggih monggo, saged. Lajeng kados pundi?”

Ora let suwe Siska SMS maning.

“Menawi enjang kados pundi nggih pak? Lajeng wonten pundi kula saged kepanggih bapak?”

Enyong njawabe, “Yen pan esuk, monggo sameniko wonten dalem, jalan Pala Raya 304 Mejasem Barat.”

Enyong mikir esuk kiye mumpung lagi radan longgar. Eh deweke malah mbalese, “Nggih pak. In syaa Allah enjang nggih pak, kula dhateng dalemipun bapak. Matur nuwun”.

Batine enyong, pada-pada ngenjang, tapi beda maksud. Enyong enjang saiki, Siska enjang dina ngesuk.

BACA JUGA :  Jangan Gampang Melarang Motor Mudik

Lagi mbatin kaya kuwe, deweke SMS maning.

“Nuwun sewu Pak Maufur. Maksudipun kula, mbenjang dinten Kemis kula nembe kesah dhateng dalemipun bapak. He..he..he.., matur nuwun.”

Enyong ora langsung njawab, egin mikir, ngemut-ngemut, sesuk ana acara belih yah. Sementara tak bales wis, “Yen sesuk, dijadwal maning bae mba, sebab kayonge engko esuk ana acara.”

Siska mbales singkat, “Nggih pak, kula nderek jadwal bapak.”

Bar kuwe tak pikir maning, tinimbang engko esuk gurung jelas, sing wis jelas dina kiye longgar, enyong SMS maning maring Siska.

“Yen mengko sore Mba Siska bisa, monggo engko sore maring umah.”

Siska langsung mbales, “Nggih pak, mangke sonten kula ke ndalem bapak. Mangke kula kabari malih menawi sampun caket. Matur nuwun.”