Sorene, Siska wis SMS.
“Assalamualaikum. Pak Maufur, kula mpun teng jalan Pala Raya, griyo panjenengan ingkang teng pundi nggih? Matur suwun.”
Enyong njelasna maring deweke, “Nang ngarepe Pala pat belas, utawa kidule Pala Barat 3. Engko ana umah nomer 304.”
Ora let suwe Siska wis SMS maning. “Nggih pak, kula mpun teng ngajeng dalemipun bapak.”
Sauwise lawang tak buka, deweke karo kancane manjing, trus njagong nang kursi ruang tamu.
Enyong takon, “Judul penelitiane apa mba?”
Dijawab, “Judul penelitian kula: Pemertahanan Bahasa Jawa Dialek Tegal Nang Sanjerone Kumpulan Cerkak Tegalan Warung Poci Karya Dr. Maufur.”
Enyong egin takon maning, “Kuliah nang Unnes jurusan apa mba. Trus umahe nang endi?”
Dijawab, “Kula mundut jurusan Bahasa Daerah pak, lajeng daleme teng Kalibakung Kabupaten Tegal.”
Supaya ora malah kualik enyong sing takon terus, enyong ngomong. “Wis mba monggo wawancara bisa dimulai.”
Langsung deweke ngetokena telung lembar kertas sing wis ana tulisan pirang-pirang pitakonan. Jebule deweke nakokena istilah-istilah utawa ukoro-ukoro sing ora dipahami.
Sauwise pragat, lan marem atine, deweke pamitan balik. Sebab wis enggal maghrib, padahal umahe lumayan adoh. Enyong mbatin, saiki wis akeh, basa Tegalan disinauni nganggo cara ilmiah.
Sing wis enyong tau dijak omong-omong karo mahasiswa Unikom Bandung lan UNNES Semarang nggo nyusun skripsi, Mahasiswa UI Jakarta lan dosen Undip Semarang kanggo nyusun disertasi supaya olih gelar doktor.
Pirang dina sedurunge, enyong ya dikabari yen Pak Sisdiono, Ubdaedillah, Tambari, lan liyane maca puisi Tegalan nang Warung Apresiasi Jakarta. Wektu kuwe enyong pan melu ngiringi, tapi jare Kang Yono Daryono, “Ajalah, melasi, engko langka kancane.”


