Gemladag

Foto : Ilustrasi AI

Batine enyong, lah Pak Sis, Kang Tambari, Yu Diah, lan liyane dudu kanca, sih apa? Bala-bala musuh?

Seminggu sadurunge, kaya biasane, Lanang SMS maring enyong. Yen deweke pan maring umah, pengin ngobrol sakentrang-kentrang.

Tapi ya kaya biasane, enyong angger wis mahrib anjog isya ora ngelongok HP. Dadi enyong ora ngarti, ujug-ujug deweke wis njagong nang lincak ngisor wit pelem ngarep umah. Sauwise tak jejeri, langsung deweke mbuka omongan.

“Sampeyan wis paham owh ya, yen Tegal pan nduwe gawe Kodrah Kadal, kahanane wis mulai umeb, bakal calon karo pendukunge wis mulai onjo-onjonan, jor-joran  pasang gambar. Ora mung nang tempat sing wis disediakena karo Pemkot tok, tapi tiang listrik utawa telpon dipasangi, malah wit-witan dipaku, ceblok-ceblok.”

Meneng sadelat, Lanang trus takon, “Miturut sampeyan apike priben supaya banyu sing wis umeb gemladag dadi radan adem?”

BACA JUGA :  Dari Genangan ke Gerakan: Solusi Terintegrasi Penanganan Banjir Perkotaan Pemalang

Enyong gurung semaur, deweke malah njawab.

“Apike nganakena maca puisi Tegalan bareng-bareng. Maksude ora mung seniman tok, tapi sapa bae sing gelem. Mbuh pejabat, pengusaha, akademisi, politikus, tokoh masyarakat, lan liya-liane. Sing penting puisi tegalan.”

Enyong takon, “Trus tempate nang endi?”

Jawabe Lanang, “Kae rumah dinas wakil wali kota jamane sampeyan sering nggo kegiyatan kebuadayaan. Mbokan bae saiki Kang Nursoleh wingi nggo ulang taune Mas Aji olih, nggo parade maca puisi ya olih.”

Enyong lansung semaur, “Ya wis, sampeyan kari rembugan karo kang Nur.”

Let rong dina, deweke ngabari, “Pak Maufur, beres! Dina Rebo, tanggal 30 Agustus, telat-telate jam wolu bengi acara maca puisi Tegalan, Tegal Tinuju Damai moang.”