Gemladag

Foto : Ilustrasi AI

Enyong semaur, “Yaul n Yaheerrr. Kyeh puisine enyong, judule Nasihat.”

Isine,  “Kang, sampeyan ora usah mewek, ora bakal ana wong melas. Dalan urip kiye pancen dewek-dewek. Sing penting atine sampeyan ihlas. Kang, sampeyan ora usah nangis, apa maning nganti meringis-meringis. Pancen akeh wong sing kelebon iblis. Dadi kelakuane pada bengis.  Kang, enyong lan sampeyan kabeh ora usah melu mumet. Ati ora usah nganti gemeremet. Jalani bae urip sing wis njelimet.

BACA JUGA :  VIRAL KAIH: Tingkatkan Kemandirian Murid di SMA Negeri 1 Slawi

Muga-muga  enyong lan sampeyan selamet. Kang, nabi ora kongkon, enyong sampeyan sugih banda, ben sesuk yen manjing surga ora ketunda. Tapineng nabi ngongkon enyong sampeyan iman, ben urip saiki karo mengkone aman.”

Nang mburine tak imbuhan tulisan, “Pokoke basa dialek Tegalan sang saya gemladag.” (**)