Saka dalan Kartini, Ikha karo Ipah pan maring dalan Abimanyu, tapineng sadurunge anjog dalan Abimanyu, wong loro karo wong pirang-pirang sing pada numpak motor lan mobil kecegat tangkreban sepur. Ikha kye wis ngarti yen tangkreban nutup bakale suwe, soale kudu ngenteni maju mundure sepur tengki pertamina. Tapineng angger ora ngenteni pan liwat dalan ngendi maning, yen mubeng ya pada bae suwe. Deweke mung prengat-prengut, pan protes maring sapa. Soale sing protes awit taun wawu bae laka kasile.
Ikha nyawang, kayonge sepur pertamina wis pragat, tapineng tangkreban sepur ka ora diangkat-angkat. Jebule ana sepur saka Jakarta sing pan manjing stasiun Tegal. Dadi, gelem ora gelem ya kudu ngenteni. Barang tangkreban wis dibuka, esih nunggu motor-motor sing pada nyerobot saka sisi kanan. Dadi gelem ora gelem kudu sabar, pan ngelus dada ya elos. Jare Ikha, “Hiiii, angger sadina liwat mene pingdo, bolak balik dadi ping papat, toli ngepas sepur pertamina lagi maju mundur, ndean bae awake enyong jemper”.
Anjog belokan dalan Abimanyu, wong loro mandeg ning warung sing dodolan ponggol setan, sayur, lawuh, lan liya-liyane. Sauwise pragat, Ipah nyetater motor, Ikha nyemplak mbonceng. Pas motor pan jalan, Ikha diawe-awe karo kancane. Ikha cepet-cepet mudun, tapineng ora ngomong karo Ipah. Dadi Ipah jalan terus, ora ngarti yen Ikha ketinggalan. Ikha wis ngeploki karo ngundang-ngundang, Ipah ora krungu, bablas bae.
Ning dalan Ipah ngejak ngomong karo Ikha, tapineng langka jawaban. Ning batine Ipah, bisane Ikha dicak ngomong ora semaur. Barang ngelinguk memburi, “astaufirullah, jebule langka wonge. Kae wong tiba, apa ning endi”. Ngerti kaya kuwe Ipah mbalik maning. Anjog perek warung ponggol setan, nembe katon, Ikha lagi mlaku karo prengat prengut.


