Jare Ipah, “Priben, bisaneng ketinggalan sih? Mudun ka ora ngomong”. Jare Ikha tambah sewot, kamben ngomong, “sampeyan sing priben, ana wong gedene samene mudun ka ora krasa”. Wong loro, tihale pada bae prengat-prengut tapineng terus nguyu ngakak bareng. Deweke nembe pada emut, yen kedadian kaya kuwe kye lucu.
Enyong sing diceritani ya melu ngguyu. Mbayangena ana wong numpak motor ngomong dewekan, merga sing diboncengena ilang ora krasa. Terus sijine mlongo ditinggal dewekan. Ah pancen wong loro kiye rukun nemen, rukun lucune.
Kaya kuwe sedulur, cerita karyane Maufur sing judule “Ikha Karo Ipah”. Mengko bakal disambung maning karo cerita liyane, suwun. (**)


