Islamic Center

FOTO : Ilustrasi

Man Damin karo Wa Kamid sawangen. Sing domongna Wa Yasik bener, bisane nang Tegal ora kabupatene ora kota ne gurung ana Islamic Center.

“Nyong ya wis pirang-pirang dina mikir kuwe, Kang, ” kandane Man Damin.
“Tegal jare kota sing wargane religius, tapiken masjid Agunge wis ora katon agung maning. Sumbeg, dong Jumatan wong sing pada wudhu enten-entenan. Wis bayune kicir-kicir krane akeh sing ora mantur.” Man Damin mungkasna omongane karo gedeg-gedeg getun.
“Ya kudune warga pada melu-melu tandang ben masjid Agung Tegal katon mentereng oh. Ora usah mikiri Islamic Center ndisit,” kandane Wa Kamid.
“Ish sejen Kang, masjig Agung wis ana progame dewek. Malah yayasane wis mlaku tata, kur pemerentahe gurung tit moang wiwiti ben masjid Agung Tegal ora katon ndlesep. Lah Islamic Center kuwe kejaba ngggo ngurangi sol-solane masjid Agung dong Jumatan, uga nggo pusate kegiatan agama kaya ibadah, da’wah, service lan ta’lim. Ibadah kuwe nglakoni perentahe agama. Da’wah kuwe nyebarna agama. Service kuwe maksude pusate pelayanan kegiatan warga atawa masyarakat. Dong ta’lim kuwe panggonan ngggo golet ilmu. Gadi engkone nang Islamic Center ora mung ana masjide tapiken ana gedong sing multi fungsi yakuwe bisa nggo gedong pertemuan, bisa nggo pengajian, bisa nggo ngajari agama ora mung bocah-bocah cilik tok. Islamic Center kejaba fungsi ketakmiran atawa makmurna masjid uga bisa ngggo nggerakna lan memberdayakan ben bisa genau agama sing tata, ora mung genau uga ana sing dalami atawa pengkajian, sosial lan budaya, informasi lan komunikasi ora ketingalan fungsi bisnis. Dadi engkone ning bisa nang Islamic Center ana pasar swalayane. Lan aja klalen Islamic Center uga bisa nggo kegiatane jemaah calon haji, manasik haji kaya kuwe, Kang.” Man Damin olih nggomong katon kiyeng ora kaya biasane megap-megap.