smpantura – Esuk-esuk, Man Damin wis ngetokna pit kunane, pan ucul sing umah. Biasane sarapan ponggol ndisit tembe lunga. Yu Nah sing adol sega bubur nang ngarep umahe Man Damin, kayong tembe ngranapi Man Damin ora tuku sarapan esuk, Yu Nah bingun toli nyapa.
“Man Damin Ngenjleg bae, dengaren ora tuku sarapan ndingin, engko semineb. Repan aring ngendi,” jare Yu Nah.
“Klintang-klintong, Nah”. Jawabe Man Damin Karo ilang ileng bongcengan pite mbokatan ana sing ucul.
Dine kiye, Man Damin pengin sarapan sing luwih enak, aja lawuh adug-adug tempe bae. Biasane langganane Man Damin ning ora warung Kasmud ya…warunge Yu Tur sing nang mburi pasar esuk. Angger ndeleng glagate tah sing pan diparani Man Damin warunge Yu Tur. Bener bae, Man Damin maring warunge Yu Tur. Sawise Man Damin ngunci pite nang ngarep warunge Yu Tur, Man Damin bledeng manjing warung. Nang njero warung wis ana Wa Kemung. Gurung suwe njagong, jenggonggos Wa Kamid teka. Dadi pepek wong telu sing biasane kumpul-kumpul moci bareng. Sawise pesen sega lengko, Man Damin mulai mreceka.
“Mung…Mung, jare rika priben, masalah pasar esuk nang landratan pemerentahe Tegal kalah karo wong siji,” Man Damin takon maring Wa Kemung.
“Embuh yah…, ” jawabane Wa Kemung. “ Berarti pemerentahe mbayar maring investor, Min?
“Lah iya kuwe. Angger pemerentahe mbayar maring investor, pada bea inyong kabeh sing mbayar oh. Sing ora mupakat jumlahe sampeken luwih sing 11 milyar rupiah,” kandane Man Damin
“Kuwe duit kabeh, Man Damin, “ Wa Kamid nyrandu.
“Iya…yah…” jawabane Man Damin karo mendhengkel.
“Angger nggo tuku krupuk antor, wong se Tegal wareg sampeken wudele mengsol yah?” jerene Wa Kamid.
“Duit semono mau angger ditumpuk, pirang meter, Man Damin,” Wa Kemung takon maning.
“Inyong ora tau weruh duit semano akehe, dadi ora bisa njawab.” semaure Man Damin.
“Mau-maune kepriben sih..?”


