- Daning : Maufur
smpantura – DINA Rabu, tanggal pitulas, wulan september, jam pitu esuk, enyong olih SMS saka pak Yusqon. Tulisane diwaca kaya kiye, “Yang terhormat bapak doktor Maufur lan kang Nur, njaluk ijin nein kabar yen saptu malem minggu kiye ana jadwal maca puisi nang kampung budaya. Matur suwun”. Awite enyong mikir, kampung budaya apa ana? Nang endi enggone yah? Sing enyong wis ngarti ana kampung seni nang PAI. Owh, ndean sing dimaksud nang Taman Bacaan Sakila Kerti. Ora nganggo pikir dawa maning enyong nyemauri maring pak Yusqon, “Ya insya Allah”.
Nembe let pirang menit, nongol SMS woro-woro saka Lanang Setiawan. “Uleman: Penting kanggone sampeyan kabeh. Acara laka-laka, jed-jedan maca puisi tegalan, antarane Wakil Wali Kota Tegal saiki, Kang Nursoleh kelawan Wakil Wali Kota kapisan, Maufur. Acara dianakena dina Saptu, 20 September, jam 19.30 pas. Tempate nang dalan Kaligung gang telu (Umahe pak Yusqon). Sing bakale ngramekena, ana Sosiawan Leak saka Solo, Fauzi Robani penyair sufi, Atmo Tan Sidik, Presiden Penyair Tegalan Dwi Eri Santoso, lan lia-liyane. Acara engkone diterusna rapat, karo syukuran Rumah Budaya lan Kepresidenan Penyair Tegalan.
Kanggo nang acara kiye, Sosiawan Leak wajib dikudu maca puisi basa Solo. Tonton sapira hebate Leak maca puisi Solonan. Lan sapira jempolane rong wakil wali kota jed-jedan maca puisi tegalan. Mrekitik, mulad-mulad, heboh, gemladak, kudu ditonton, yaheerrrr”. Yah kaya biasane, SMSe Lanang gawe oreg jagad maya pada kepenyairan, ora nang Kota Tegal tok, tapineng bisa tekan endi-endi ora. Batine enyong bener, kampung budaya kye nang umahe pak Yusqon.


