Kampung Budaya

Foto : Ilustrasi AI

Dina saptu sore tanggal 20 enyong olih SMS saka Yuri Puji Lestari. “Diih elom yah, enyong lan kanca-kanca ora bisa nonton. Jare mas Edy Murtono, engko bengi bakale ana jed-jedan kang Apung karo kang Eri lan kang Nur, maca puisi tegalan. Soale mau esuk kanca-kanca rasan-rasan, ka nang umahe pak Yusqon yah, kayong ora enak seeumpane saregedekan nekani. Engko dikira pan mrejul njaluk pacetan.

Donge tah jed-jedane nang gedung, gadi bisa pada nonton owh, toli sing nonton bisa akeh. Lah wong acara apik ka yah”. Maca SMS kaya kuwe enyong gagiyan njelasna. “Umahe pak Yusqon kye gede loh, wis dikhususna nggo taman bacaan, arane Sakila Kerti, terus saiki jarene dadi kampung budaya. Ana panggunge ana apa, ditata apik, dadi umah tapi pada bae gedung, kaya gedung teater”. Deweke nyambung maning. “Owh kaya kuwe. Wah kayonge bakal rame engko bengi, tapineng mau esuk wis janjian ora pada ndeleng merga ora kepenak. Ya wis met jed-jedan, muga-muga puisi tegalan suwe-suwe bisa mendunia, amin”.

BACA JUGA :  Mengungkap Rahasia Data Science dalam Keseharian

Malam minggu, jam wolu enyong anjog nang kampung seni. Jebule akeh sing wis teka, kelebu Sosiawan Leak saka Solo, ana rong penyair saka bumiayu, saka Brebes, lan pirang-pirang saka Tegal. Terus jebule tempate wis ditata lan didekor apik kaya nang sanjerone gedung pertunjukan temenan. Acara mulai diwiwiti karo mas Aji. Jare mas Aji, “Gandeng mas Leak kudu mbalik marang Solo nganggo sepur jam sanga, yuh saiki pada ndeleng lan ngerongokena Leak maca puisi”. Jare Leak, “Enyong njaluk pangapura. Ora pan maca puisi solonan, soale pancen langka basa solo. Anane basa jawa. Tegal malah hebat, nduwe basa tegalan.

Gadi, enyong pan ngucap puisi nganggo basa Indoensia”. Pancen bener, deweke ora maca, sebab langka sing diwaca, deweke wis apal nang sanjerone endas. Leak ngucap rong puisi, soal teknologi lan industri. Bar ngucap rong puisi, Leak langsung pamit dianter karo Entieh Mudakir lan Dimas Riyanto maring stasiun sepur. Anjog giliran enyong maca puisi, judule Kang Yusqon.