Isi puisine kaya kiye: “Enyong teka nang kene tumandang/ Merga krasa diundang sanak kadang/ Jare brita ana kampung budaya/ Wong-wong toli pada percaya/ Terus ngomong iya/ Kayong pada terpedaya/ Enyong ya melu-melu yakin/ Sebab gudu ora mungkin/ Panggonan kiye bakal lair kaom kreator/ Sing mikir lan ngomong ora kotor/ Nepati amanah ora nganggo molor/ Tur bisa melu mbrantas koruptor/ Kyeh mas Yuskon/ Enyong melu takon/ Sapa donge sing ngongkon/ Sampeyan didadekena lakon/ Umahe, tanahe, duite, nggo rame-rame/ Kiye kabeh wong-wong awagan/ Bisane mung pada yag-yagan/Senenge pada grijagan/ Sampeyan ora kajogan? Ana sintren/ Ana jebolan pesantren/ Ana sinden/ Toli ana uga presiden/ Ya umpamane sampeyan wis niat/ Keluarga ya sepakat/ InsyaAllah akeh manfaat/ Khususe engko nang akherat/ Amin”.
Sauwise enyong gilirane kang Nur. Ujare kang Nur, “Enyong nduwe puisi akeh, yen maca ya ndean ora kalah karo liyane. Tapineng enyong ora bakal ngungkuli pak Maufur. Sebab beliau gurune enyong nang sekabehane. Supaya aja kualat, enyong kudu ngerem kehebatane enyong”. Wong-wong pada keprok, trus meneng. Bar kang Nur pragat maca puisi, Lanang komentar. “Ora nyana bleh ngira, kang Nur Soleh jebule mahir uga maca puisi Tegalan yah. Suarane kaya dengkur Gunung Slamet sing lagi turu angler. Tenang, waspada ora pendirangan, kayong gagah nduwe pangaribawa jiwa pemimpin kota”.
Sambutane Ketua Dewan Kesenian, Nur Hidayat Poso njelasna. “Nang kene bisane diarani Kampung Budaya merga sing kumpul lan aktif saka pirang-pirang bidang, ora mung kesenian tok. Pak Yusqon patut dicontoh lan didukung, memberdayakan masyarakat sekeliling karo ngorbanena apa-apa sing diduweni. Kaya isi puisine pak Maufur mau apik, negesna supaya pak Yusqon tetep mantep madep, ora usah kajogan”.


