Kampung Budaya

Foto : Ilustrasi AI

Sauwise kuwe maju maca puisi gentenan, bu Nurjanah, bu Eti Purwokerto, kang Tambari Gustam, kang Atmo Tan Sidik, Intan mahasiswi KKN UPS Tegal sing jebule ora kenal pak Maufur, Bontot Sukendar, Lanang setiawan, penyair dari Bumiayu Jamal karo Mahbub Junaedi, lan jelas Presiden Penyair Dwi Eri Santoso dadi gonge. Wayah wis jam sawelas bengi. Sadurunge ditutup enyong maca puisi maning. Judule Kang Nur.

“Sampeyan donge sapa? Nang endi-endi wong pada nyapa. Terus milih dadi wakil wali kota, tapi kayonge ora nduwe tahta. Sampeyan saiki wis bisa apa? Ana wong crita jare ora bisa apa-apa. Terus kayong katon nelangsa, kaya kuwe belih apa-apa? Soale bala-bala ngarep-arep, yen sampeyan njagong diarep, piben ben liyane aja mung nglakep, njambut gawe gadi ora genep. Gawea suasana sumringah, ati pada bunga. Nyambut gawe ora setengah-setengah. Angger nang duwure ora akur, nang isore ora bisa tekukur. Angger nang duwure kerah, nang isore gerah. Kahanan kaya kuwe wis ora lumrah, terus pan anjog kapan kang?”.

BACA JUGA :  Peran Kurikulum Merdeka dalam Pengembangan Kompetensi Kecakapan Abad 21 dan Kakarter Profil Pelajar Pancasila

Kaya kuwe sedulur, cerita karyane Maufur sing judule Kampung Budaya. Mengko sambung cerita liyane. Suwun. (**)