Wong-wong ora ngarti Untung kuwe sapa, Soetarmo pemuda desa sing dadi Hansip Pelabuhan usul maring warga sing pada ngepung wong sing ngaku arane Untung digawa bae maring Balai Desa Kraton.
Untung digawa maring Balai Desa Kraton. Sing Balai Desa mretah kon ngawa bae maring kantor CPM. Wektu kuwe kantor CPM nang Jalan Mayjen Sutoyo.
Soetarmo karo batire nggawa Untung maring kantor CPM nganggo becak.
Nang kantor CPM Untung diserahna maring komandan CPM wektu samana komandane Kapten Moh. Isa.
Kapten Moh. Isa ora patia paham wong sing ngaku arane Untung, toli takon karo pejabat-pejabat Tegal sapa sebenere Untung kuwe.
Salah sijine pejabat arane Gatot Soeharso sing wektu kuwe dadi ketua DPRDGR.
Jarene Pak Gatot wong kiye sing sering terjun payung nang lapangan Martoloyo, dong terjun sing kapal mabur paling pentol dewek, arane Letkol Untung.
Letkol Untung kiye perwira “Tjakrabirawa”, ketua “Dewan Revolusi”
Krungu apa sing domongna Pak Gatot Kapten Moh.Isa labas nggawa Letkol Untung maring Cirebon, nang Cirebon diserahna maring Kolonel A.J. Witono sing wektu samana dadi Danrem nang Cirebon.
Man Damin tau omong-omongan karo Pak Soetarmo sing nggawa Untung maring kantor kelurahan labas maring kantor CPM.
“Rika tah wong sing berjasa nangkep Untung, apa sing paling ngesana,” Man Damin takon maring Pak Soetarmo.
Pak Soetarmo ora gagiyan semaur, mikir delat toli tembe ngomong.
“Seliyane nyong diangkat dadi pegawai Djakarta Llyod, nyong tau diundang Pak Harto maring istana mlebu kantore Presiden Soeharto dewekan Man.”
“Rasane bungah, mrinding campur aduk. Pak Harto ngucapna trima kasih.”
“Toli nyong dingein tanda jasa karo diangkat dadi kepala Cabang Djakarta Lloyd Cilacap,” semaure Pak Soetarmo raine katon bungah.


