Letkol Untung sing dituduh tukang mblorod ganing wong Asem Tiga, sawise cita-citane Dewan Revolusi wurung, lunga numpak Bis “Maju”, maksude repan maring Semarang.
Weruh nang bis ana tentara, rundagen. Anjog Kemandungan Tegal, Untung mencolot sing bis persis nang ngarepe tukang tambal ban ‘Mar’na’.
Saking gugupe keplarak toli pilis kiwane kejeblog leneng nganti metu getihe.
Sing ngarep tambal ban Mar’an, Untung mlebu gang ngalor nang kebone Yu Tinah nganti anjog Asem Tiga.
Segurunge ngalor, Untung nyabrang ngidul ndodog umah ngarep tambal ban Mar’an. Umah kuwe gemiyene markas tentara. Kaligane laka sing semaur, Untung balik maning nyabrang ngalor. (**)


