Ana bocah lagi seneng sinau bab AI
Terus takon maring Kyai Bisane ayate monine “fas’aluu ahladz dzikri inkuntum laa ta’lamuun” dudu fas’aluu ahladz fikri.
Jaman saiki serba otak, cekelane sebab akibat, padahal ana akibat sing sonder sebab,, sewalike ana sebab sing sonder akibat
Kie nang kene akeh wong sing pinter maca buku. Mulane aku pan njaluk tulung digawekena puisi sing diwolak walik monine pada. Kie nang kene akeh wong sing pinter maca Qur’an mulane enyong pan mein pitakonan. Ana pirang surat nang Al Qur’an sing laka huruf Kaf-e
Pentinge teliti anggone maca sebab akeh wong rumangsa bisa, tapi ora bisa rumangsa, Mulane jare keadaane negara sedang tidak baik-baik saja, bahkan kerusakannya nyaris sempurna
Nah dina kie saka hotel Khas pan ngecas endah luwih jelas, yen menungsa ora maca karo kewan luwih ala. Wong ora duwe isin diumpamakena rai badak, tuwa tesih gebleg madon diumpamakena bandot tuwa
Wis sugih tetep nggragas ngrentenaken diumpamakena lintah darat.
Wong licik diumpamakena kancil utawa welut putih, wong sing keduwuren gegayuhane kodok nggayuh lintang.
Kweh dirungokena ilmu karo lakune ditata, bukune diwaca…bukune diwaca ….bukune diwaca. (**)