Mata Kecila Banyu

  • Daning : Maufur

smpantura – DINA Jumat tanggal nem belas Mei bar isya, enyong nembe balik sing masjid olih telpon saka pak Purnomo. Batine enyong, ndingaren pak Pur telpon bengi-bengi. Soale wis lawas nemen langka kabar lan suarane. “Pak Maufur maaf kyeh, enyong dipaido karo pak Edi Pranowo ketua PELTI. Jare pak Edi, bisane ana acara tenis bengi kaya kiye pak Maufur ora dikandani lan diundang.

Wis saiki mumpung egin ana wektu, pak Maufur diundang liwat telpon. Mekaten pak, saniki monggo panjenengan ngrawuhi wonten GOR, rencang-rencang saking pemkot nggih pun katah teng riki”. Krungu omongan pak Pur kaya kuwe, enyong gagiyan nyemauri. “Ya pak Pur, insyaAllah enyong bisa teka, sedelat maning anjog nang kono, sampeyan aja watir, bisa wis”.

Sauwise kuwe enyong cepet tata-tata, salin nganggo kaos, clana pendek, lan nyiapena tas raket tenes karo seisine. Bar kuwe ngetokena mobil, langsung njujug maring GOR Wisanggeni. Sadelat anjog, tekan ngarep pan manjing lawang lapangan tenes, pak Purnomo wis ngadang, toli marani. “Nah kiye enyong wis ayem panjenengan wis nang kene. Gadi angger pa Edi Pranowo sadelat maning ana nang kene ora bakal ngomel-ngomel kaya mau. Nah kaeh, kebenaran pak Edi wis nang mburine pak Maufur”.

BACA JUGA :  Risiko Kebiasaan Scrolling Video Pendek di Media Sosial, Ternyata Bisa Memicu Kerusakan Otak

Sauwise salaman karo pak Purnomo, enyong salaman karo pak Edi Pranowo. Jare pak Edi, “Pokoke kanggone enyong tah, angger ana pak Maufur, kanca-kanca pemkot sing doyan tenes pada seneng kabeh, gadi perlu diulemi kusus”. Bar kuwe, wong telu manjing nang lapangan tenes. Anjog nang njero wis ana pak Yakin Basuki. Kacek sadelat, teka pak Felik. Enyong njagong bareng-bareng sameja, ngobrol wong telu. Istilahe pak Edi Pranowo yen ngarani, “Mereka para sesepuh olah raga tenes Kota Tegal”. Enyong sih mung mbatin, ya pancen sesepuh, wong umure wis sepuh-sepuh.