Pak Yakin Basuki, umure 72 (pitung puluh loro) taun. Egin ajeg sregep olah raga tenes, saminggune maen tenes anjog patang pisan. Sapisane embuh pirang set. Pak felik, umure wis 68 (sewidak wolu) taun. Seneng lan pancen pinter tenes. Yen maen tenes maring endi-endi ora, tekan Eropa, Amerika, lan nembe bae balik saka Australia, mung andon tenes nganggo duite dewek. Kanggone atlit tenes veteran tahun saiki, deweke urutan 98 (sangang puluh wolu) tunggal putra dunia. Apa ora hebat? Saka Tegal loh. Jare pak Edi Pranowo karo guyon, “Ndean tah liyane wis pada mati, gadi deweke urutane bisa hebat”. Krungu omongan kaya kuwe, enyong mung ngguyu.
Ngrongokena critane wong loro soal keturunan dawa umure, asyik uga. Pak Yakin Basuki, emboke urip anjog umur 93 (sangang puluh telu) taun, embahe urip anjog umur 102 (satus loro) taun. Samana uga emboke pak Felik, saiki umur 91 (sangang puluh siji) taun. Tihale umur wis sepuh nemen, tapineng kabeh ngurus dewek. Jare pak Felik, “Pamane enyong umur wis 100 (satus) taun, tapineng egin bisa pus ap ping wolu”. Batine enyong, wah kiye nasehat nggo bocah utawa wong-wong sing egin enom, ben aja pada cepet loyo. Yen soal umur wis jelas sing ngatur Gusti Allah, tapineng yen urip sehat lan bregas nang dina tua, dewek sing kudu ngatur. Salah sijine sregep olah raga.
Karo ngenteni tekane ibu wali kota, bunda Shita, enyong bala pak Joko Syukur, ngelawan pak Yakin Basuki sing balane aran pak Joko uga. Liyane ya pada maen, nggolet bala dewek-dewek, utawa diatur karo pak Purnomo. Sadurunge etungan pada pragat, bu wali anjog. Gadi sing lagi maen tenes pada liren disit, soale pan ana acara pembukaan lan sambutan. Kaya biasane, urutane acara, laporan ketua panitia, maju pak Imam Badarudin. Bar kuwe, ketua PELTI Kota Tegal, pak Edi Pranowo. Terus nembe bunda Shita.


