Mata Kecila Banyu

Sauwise sambutan-sambutan pragat, eh grimis mung sadelat, langsung bresss udan gede nemen, nggrojoki lapangan tenes nganti banjir mluber. Wis kaya kuwe angine ya mobat mabit nggawa banyu udan nyipret maring endi-endi ora. Panggonan acara teles klebes kabeh.

Enyong sing bar maen lan rumangsa kaos wis teles klebes merga keringeten lan uga ketambahan kecipratan banyu udan, gagiyan cepet-cepet copot lan ganti kaos. Jare mas Herviantoi, “Ih, pak Maufur wong paling kendel sa Kota Tegal kyeh, ucul-ucul kaos, wuda klambi nang arepe bu wali kota”. Wong-wong sing njagong nang pereke pada melu gomong, “Wah iya ah”. Enyong njawab maring mas Hervi, “Ora papalah, bu wali ya ora nyawang lan ora weruh ikih”. Lah pan weruh priben, sapanggonan tapi awit udan gede teka, listrik ndadak mati pet, nang lapangan tenes ya peteng dedet. Enyong malah ngomong guyon maring mas Hervi, “Jare kiye nang kota, ganing peteng dedet-det yah”. Mas Hervi nambahi, “Iya, yen kaya kiye ora beda karo nang Mejasem ya pak”? Enyong njawab singkat, “He eh”.

BACA JUGA :  ITB Adias Gelar Adias Fest Vol 2

Nah nang kene kyeh, tihale peteng dedet, tapineng wong-wong tetep pada asyik mangan jajanan karo panganan sing disediakena panitia. Gadi ya pancen matane wong-wong maring panganan pancen pada awas. Yen manuk dara, istilahe mata “kecila banyu”. Mabur duwur, tur egin adoh, diklepeki langsung ngincup mudun lan menclok nang dara wadon. Buktine pada bisa njukut panganan nang petengan. Ana kacang, gedang, jeruk, soto, sate, wedang jahe, lan liya-liyane. Ndea bae malah ana sing mumpung lagi petengan, gadi angger entek terus egin kurang, nambah. Kurang maning, nambah maning. Buktine panganane laris manis, ludes, entek kabeh. Yah maklum, arane gen wong akeh, macem-macem pisan.