Kejaba kuwe merga udan gede lan peteng, tenes tah mandeg, tapi lan nginung lancar, musik organ tunggal ya tetep jalan. Merga nggo musik, wis sedia mesin disel. Sing nembang gantian saka pak Musa, pak Purnomo, pak Ali Sarjono, pak Edi Pranowo, lan bunda Shita. Malah bunda Shita nembang sing salah siji syaire monine, “Di bawah sinar rembulan”. Padahal nang kono lagi peteng dedet. Ana sing ngomong, embuh sapa soale ora katon, peteng. “Lah wong petenge kaya kiye ka”. Jenis lagune ya macem-macem, saka kroncong, pop, lan ndang dut.
Ana tembang kenangan utawa tembang lawas, lan ana tembang sing egin anyar gres. Yen enyong ta biasa, angger dikongkon nembang, nembange lagu sing pan teka, gadi playere mumet ora bisa, otomatis enyong ora sida nembang, beres. Jam sepuluh kurang, udan terang, listrik murub, acara ditutup karo pak Purnomo. Wong-wong pada bubar, balik nang umahe dewek-dawek. Enyong ditakoni mas Hervi, “Pak Maufur ya pak Kondur”? Karo mlaku enyong njawab, “Iyalah, iloken pan nginep”.
Kaya kuwe sedulur, cerita karyane Maufur sing judule “Mata Kecila Banyu”. Mengko bakal disambung maning karo cerita liyane, suwun. (**)


