Ngenteni Nang Pinggir Gili

Daning : Maufur

Jumat awan jam siji tanggal loro wulan Nopember wingi, asline enyong karo kanca-kanca dosen negeri utawa ASN utawa maning sadurunge arane KORPRI sing nyambet gawe nang Universitas Pancasakti Tegal pan mangkat piknik maring Baturaden, suwene rong dina. Bis pariwisata wis ditata, hotel sing nggo nginep ya wis distel. Kejaba kuwe, sing pan melu piknik ya wis pada siap-siap. Ana sing wis tuku macem-macem panganan kanggo sangu nang dalan utawa nggo nang penginepan.

Liwat WA, lan pancen carane mung liwat WA, ora nganggo liwat surat- suratan, panitia wis woro-woro, kumpule nang Rumah Makan Semiki Asih jalan Perintis Kemerdekaan. Kuwe kanggone wong-wong sing umahe nang Tegal, Brebes, lan Pemalang. Kenangapa ora nang kampus jalan Halmahera? Sebab kiwe tengene dalan lagi diodol-odol. Gote, utawa dalan banyune lagi didandani lan diambakena sing luwih jembar, gadi bis gede ora bisa manjing, sesek nemen. Lah wong-wong sing umahe nang Slawi, dikon nyegat nang ngarepe terminal bis Slawi. Jare kaya kuwe olihi kasil rapat. Kanggo rapate bae, butuh wektu setaun luwih. Merga wis direncanakena ping pirang-pirang, gagal maning…gagal maning.

BACA JUGA :  Walikota yang Walinalar

Rong dina sadurung mangkat, nang dina kemise, enyong lan kanca-kanca, olih kabar duka saka Semarang. Ketua KORPRI unit UPS Tegal, pak Lagiyono sing lagi nekani uleman rapat nang Kopertis Wilayah VI Jawa Tengah, ujug-ujug mumet, deweke gagiyan nata kursi dijejer-jejer nggo glelengan. Tapineng let sadelat jare langsung trus ngadep Gusti Allah. Bar kuwe kabar nyebar liwat WA maring nedi-endi ora. Kanca-kanca akeh sing ora pada percaya, tapineng saiki kabar nganggo tulisan bisa dipepeki ana fotone keding, gadi pada mantep, yen pak Lagiyono pancen wis ora nana.

error: