Ngenteni Nang Pinggir Gili

Sauwise kuwe, wong-wong pada nulis, melu priatin lan duka cita, uga ndongakena kanggo arwahe pak Lagiyono, muga-muga husnul khotimah, toli bojo lan anak-anake sing ditinggal bisa sabar lan tabah. Kecaba kuwe, liwat WA ana sing nakokena maring panitia, “Kiye priben, piknik maring Baturaden batal? Diundur bae?” Jawab panitia, “Ya iyalah, iloken ketuane nembe dimakamna, bar kuwe awake dewek piknik. Kayonge tah ora ilok. Batal lan mundur ya!” Kabeh pada setuju. Merga mung liwat WA, gadine sing ora maca WA, apa maning HPne ora nganggo android, ya jelas-jelas ora ngarti, kecaba ana sing ngabari liwat SMS utawa telpon.

Dina jumat jam wolu esuk, pak Lagiyono, saka umahe nang dalan Pala Barat 2, Desa Mejasem Barat, digawa maring masjid, trus disembayangi karo wong pirang-pirang sing pada taziah. Sauwise pragat disembayangi, didongani, trus digotong bareng-bareng manjing ambulan. Bar kuwe digawa maring kuburan Desa Mejasem Barat. Enyong merga ana undangan saka PLT Sekda Kota Tegal jam sanga, dadi ora bisa melu maring kuburan.

Sauwise jumatan, kira-kira jam loronan, enyong olih kabar liwat saka pak Koco. “Sedulur-sedulur, pak Suhud jare lagi ngadeg nang ngarepe terminal bis Slawi, ngenteni rombongan saka Tegal sing pan piknik maring Baturaden.”
Merga olih kabar kaya kuwe, kanca-kanca pada ribut nanggapi. Ana sing monine, “Yah, gara-gara ora tau mbuka WA dadi ora ngarti kabar anayar.” Ana sing nulis, “Dih melas temen. Apa deweke ora ngarti yen pak Lagiyono sedo, trus piknike batal dina kiye, diundur.” Malahan ana sing nulise, “Masya Allah, priben donge? Aja-aja wingi bengi deweke wis syukuran ngundang tetangga-tetangga, pan mangkat piknik, jebule ora sida. Angger balik maning maring umah, engko tetanggane pada takon, merga eram.”

error: