Ana sing mbalesi, “Ya ora isinlah, sebab tangga-tanggane kan wis pada ngarti. Soale pada melu nganter jejer-jejer nang pinggir gili.” Enyong maca pirang-pirang tulisan kaya kuwe mung bisa mbatin. Dih kanca-kanca angger pada guyon ka temenan nemen yah. Melasi owh pak Suhud. Mending-mending pak Suhude diguyoni kaya kuwe ngarti. Sing jelas ora ngarti, yong deweke ora mbuka HP sing ana WAne.
Merga ora sida piknik maring Baturaden, dina esuke, Saptu tanggal papat wingineng jam sepuluh, enyong diajak melu rombongan tenes Mejasem sing ketuane pak Nur Budiyanto, lan sponsore pak Dr, Fajar Ari Sadewo, nglurug maring Semarang. Nang Semarang, dina minggu esuk anjog awan, pertandingan tenes peseduluran karo dosen lan karyawan Universitas Muhamadiyah Semarang. Kebeneran rektor UMS, Prof. Dr. Masruchi kuwe asli wong Tegal. Gadi ya nang lapangan tenes, ngomonge nganggo basa tegalan. Kanca-kancane pak Masruhi, ya melu-melu ngomong nganggo basa tegalan, mbuh wagu mbuh apa, ora papa, sing penting pada pahame.