Ngetunge Awagan Nemen

Daning : Maufur

Foto : Ilustrasi AI

smpantura – MACA Warung Poci Tegal, nang koran kiye dina senen, tanggal loro wulan Juni wingi, sing ditulis daning kang Yono Daryono, judule Ngetunge Awagan, enyong dadi kemutan sing wis tau tak rasakena pirang wulan sing wis liwat. Soale jare enyong ta malah ora mung awagan tok, tapineng awagan nemen.

Sadurunge, enyong saban wulane yen mbayar banyu nang PDAM loket pembantu unit Mejasem mung nem likur ewu. Saduwur-duwure paling akeh, patang puluh ewu. Ndean ya radan pantes, yongan wonge saumah mung kur loro, paling akeh wong telu yen bocah pas balik liburan kuliah.

Ping pirang-pirang wulan anggeer mbayar tagihan banyu mung nem likur ewu. Eh, wulan ngarepe teka anjog ngarep loket, anake enyong takon karo petugas loket, “Pira bu?” Dijawab, “Bulan kiye patang atus ewu”. Anake enyong sing tak kongkon mbayar ya jelas mbalik, ora sida bayar, soale mung digawani duit mung satus ewu, merga pancen salawas-lawas mbayare ora tau anjog seket ewu.

Esuke enyong teka dewek maring loket. Anjog loket enyong takon karo petugase, “Bu, bisaneng tagihane mundake akeh ora karuan, sebabe apa”? Jare petugas loket, “Ndean ta ana sing bocor pak, dadi banyune akeh sing kebuang”. Enyong takon maning, “Kebuang nang endi bu, laka sing ngecembong lan laka sing rembes acan-acan”. Semaure petugas loket, “Wah ya embuh pak. Angger kaya kuwe sampeyan takon bae karo bagian teknisi”. Sadurunge maring bagian teknisi, enyong mbayar disit Rp. 400.000,- glotak. Batine enyong sing penting tak bayar disit, gampang mengko urusane.

BACA JUGA :  Pendidikan dan Masa Depan Bangsa

Enyong pancen ora sida maring bagian teknisi, tapineng milih balik nang umah. Nang umah enyong golet ngarti, nang endi sing kira-kira bocor. Tak deleng garis keramik bak tandon, balon plastik sing nggo ngandek banyu mili, slang utawa pipa dalane banyu, kabeh kayonge laka sing ora normal, normal kabeh. Nah angger meteran banyu, kuwe sing tanggung jawab PDAM, dadi enyong ora pan melu-melu. Ora tak priksa. Tapineng katon munyeng terus, padahal banyune wis kebek.