Ngetunge Awagan Nemen

Daning : Maufur

Foto : Ilustrasi AI

Wulan ngarepe, wayah mbayar nang loket, malah tagihane mundak maning dadi RP. 500.000,-. Batine enyong, wah kye ta wis kebangeten. Saumah wong telu nganggo banyu anjog limang atus ewu. Masa sih? Dina kuwe uga enyong nekani maring umahe pejabat PDAM, ngomongna soal tagihan, lan saluran banyu, ndean bae nang meterane utawa sing nyatet angka meteran ora patiya beres.

Sauwise omong-omong pragat, sing intine enyong njaluk diganti meterane. Pejbate langsung nelpon petugas teknisi. “Pak, kyeh tulung nggon umahe pak Maufur, meteran lan salurane dipriksa, mbokan ana sing ora beres. Sebab tagihane akeh nemen. Toli enggone enyong ya dipriksa, bisane tagihan anjog limang atus ewu. Mbokan bae ana sing ora beres”. Krungu munine omongan kaya kuwe, enyong dadi kaget lan eram. Lah! jebule nang umahe pejabat PDAM, tagihane ya ora beres uga ya. Ganing pada bae.Wualah-wualah…….

BACA JUGA :  Kesenjangan Pendidikan Di Desa Dengan Kota

Dina esuke petugas teknisi teka nang umah. Priksa mana, priksa mene. Ndeleng mana, ndeleng mene. Kira-kira patang puluh lima menit, kayonge gaweane wis pragat. Deweke pamit, “Pak uwis, ndean ta beres. Titeni bae pirang-pirang dina sing pan teka”. Enyong ya mung ngucap matur suwun, muga-muga beres.

Sawulan-rong wulan ngarepe, alhamdulillah tagihane mung Rp 126.000,- (satus nem likur ewu perak) . Batine enyong egin larang, tapi ya wis mendinglah ora papa, dibanding tagihan sing patang ataus anjog limang atus ewu.

Tapineng ya kuwe, mung rong wulan tok. Wulan ngarepe, anake enyong ngabari yen tagihan PDAM jumlahe ora tanggung-tanggung, Rp. 1.800.000,- (sejuta wolung atus ewu perak). Enyong ngelegleg, kye banyu nggo adus karo nggo ngumbahi, apa nggo ngisi kolah sing nggo inggek. Kayong ora mung ngawag, tapi ngawag nemen.