Esuke, enyong maring kantor PDAM Kabupaten Tegal loket pembantu unit Mejasem, ketemu bagian pengaduan. “Pak, tagihan gedene sajuta wolung atus ewu, kye jelas-jelas ora bener. Enyong wis mriksa kabeh laka sing ora normal. Wis tak coba, tak uji, laka sing bocor. Sing durung tak priksa, mung meterane karo sing tukang nyatet. Meterane enyong wis njaluk diganti, merga jare wis dibenerna, egin ajeg. Sing tukang nyatet bisa uga ora teliti, utawa ndean bae asal-asalan. Muga-muga tah kye dudu modus rusuh”.
Enyong wis sering krungu saka pelanggan PDAM, angger nakokena bab kaya kiye, jawabe mesti monine ana sing bocor. Yen ora nang bak penampungane, ya nang saluran saka meteran anjog bak. Enyong wis tau ngajak diskusi karo bagian pengaduan soal pirang-pirang ndean bae-ne tagihan ora wajar. Anjog ndean meterane, dijawab. “Ora bakal meteran mubeng terus”. Sing kayane, miturut deweke, meteran kye mesti benere. Batine enyong, apa sing ora bisa.
Meteran yang bisa dol, rusak, ora bisa dibenerna, lan ora kanggo. Nah sadurunge, dijawab kaya kuwe, enyong langsung ngomong. “Pak, enyong belih pan mbayar tagihan sing gedene samono, dicicil ya emoh”. Deweke takon, “Terus piben maksude?”. Enyong njawab, “Angger dipaksa kongkon mbayar samono, enyong milih ora langganan banyu saka PDAM. Tugel! Mbuh mbangkanane engko piben. Sebab miturut enyong kye ora bener”.
Jare deweke, surat tagihan yang wis metu saka kantor ora bisa dibalekena maning. Enyong ya njelasna, yen aturan kye sing nggawe wong, yen ana salahe ya kudu dibenerna. Ora apa-apa, ora salah, lan ora dosa. Nang mburine enyong ditakoni, “Tagihan wulan wingi pira pak?”. Enyong nyelonongna kertas tagihan wulan wing karo sadurunge, satus nem likur ewunan. Bar kuwe dijaluk, lan enyong disodori tagihan dadi satus nem likur ewu. Langsung enyong mbayar, ora sida sajuta wolung atus ewu.


