Ngetunge Awagan Nemen

Daning : Maufur

Foto : Ilustrasi AI

Balik saka loket, karo nyetir mobil enyong mikir. Wektu enyong mbayar listrik, petugase ngomong. “Bayare mundak salawe ewu ya pak”. Enyong nyemauri, “Ora papa bu, mundak salawe ewu ta radan pantes. Angger PDAM ta ora wajar mundake”. Padahal loket bayar banyu karo listrik jejeran. Bar kuwe, enyong uga kemutan wong-wong sing pada ngresula lan nglegleg. Soale wong-wong mau olih tagihan saka PDAM luwih duwur karo sing samestine, malah pirang-pirang tikel, tapi ora wani protes, bisane mung pasrah. Enteng-entenge dikongkon mbayar nyicil ping telu. Padahal duite mung-munge. Priben carane yah?

BACA JUGA :  Gerhana Bulan dan Ketepatan Hisab: Saat Ilmu Membuktikan

Kaya kuwe sedulur, cerita karyane Maufur sing judule “Ngetunge Awagan Nemen”. Mengko bakal disambung maning karo cerita liyane, suwun. (**)