Meneng sadelat, Pak Rachman takon maning. “Lah yen saiki kira-kira lagi ungsume kepriben pak?” Jawabe enyong, “Saiki lagi ungsum wakil kepala daerah munggah dadi kepala daerah.” Eh, deweke egin takon maning. “Maksude priben pak?” Enyong ya njelasna maning. “Kyeh pak, saiki gilirane awake dewek maen tenes, dadi ngobrol pilihan kepala daerah kuwe mengko disambung maning sauwise maen, utawa minggu ngarep.” Jare Pak Rachman, “Iya…iya… yuh maen tenes dhisit. Sampeyan tah senenge medot nikmat.”
Dina Kemis tanggal selikur, tanggalan wernane abang, ngemuti taun anyar hijriyah, dadi libur. Jam telulas utawa jam siji awan enyong maring Tirus, pan mangan. Anjog Tirus jebule wis ana Mas Herviy, Mas Ary, lan Mas Marsetyo. Akhirnye enyong nggabung bareng karo ngobrol. Nah nang sanjerone ngobrol, Mas Herviy takon. “Pak, seumpama, sapisan maning kyeh mung seumpama, enyong melu pilkadal kepala daerah, apike ndaftar nyalon wakil walikota apa walikotane ya pak?”. Enyong ya njawabe, “Apike ndaftar wakil bae mas. Ragade luwih satitik” Krungu jawaban kaya kuwe, deweke kayong radan bingung lan penasaran, trus takon, pengin ngerti alesane. “Bisane pak?”
Enyong nerangna. “Kaya kiye mas, saiki lagi ungsum sing dadi walikota, bupati, gubernur kuwe malah wakile.” Enyong ya ngerti yen deweke tambah bingung. Trus takon maning, “Priben maksude pak, aja gawe bingung.” Enyong crita. “Kyeh deleng gen, Gubernur DKI, Gubernur Banten, lan Gubernur Sumatra Utara, kiye mauneng wakil gubernur. Pada dadi gubernur merga gubernur sing asline manjing tahanan.” Rano Karno lan Ahok klakon dadi gubernur merga deweke wakil gubernur, tapi sauwise deweke nyalon gubernur malah ora dadi. Jare mas Marstyo, “Wah iya yah. Trus pak….” Enyong nerusna maning. “Trus diurut ya, saka Bupati Klaten, bupati Batu Bara Sumatera Utara, Walikota Tegal, Walikota Pekalongan, Walikota Batu Jawa Timur, Walikota Cilegon Banten, lan liya-liyane.


