Nyalon Wakil Baelah

FOTO : Ilustrasi

Ana sing wis definitif, ana sing egin PLT (pelaksana tugas), kabeh kye asale wakil. Krungu kaya kuwe, jare mas Herviy, “Sih angger nyalon wakil trus dadi, engkone ndonga ngarep-ngarep kepala daerahe mati utawa ketangkep KPK? Kaya kuwe pak?”

Jare Enyonge, “He…he…he…Olih ngarep-ngarep, tapi ngarep-ngarep kepala daerahe dadi gubernur, trus dadi prsiden, kaya FX Sugiyanto karo Ahok gemiyen owh. Jokowi dadi gubernur, trus dadi presiden, nah para wakil manjat. Angger merga mati utawa ketanggkep KPK ya aja ngarep-arep owh, tapi cukup nang mburi-mburi bae.” Krungu penjelasane enyong sing paling keri, ndadekena wong-wong sing krungu tambah ora jelas. Mas Ary takon, “Maksude mburi-mburi priben pak?” Jawabe enyong, “Maksude, angger nang arep kan ketara owh ya, tapi angger nang mburi kan ora patiya katon owh, ketutupan sih.” Sauwise tak jawab kaya kuwe, nembe pada jelas. Jelas yen enyong kye lagi metu guyone, alias ora serius.

BACA JUGA :  Anak Bangsa Itu Bernama Hohanes Bastian Roja

Tanggal rolikur dina Jumat bengi jam sanga limas menit, enyong diampiri kanca-kanca. Ana Kang Nursoleh, Kang Yuskon, Mas Aji, Mas Agus, kalong Kang Atmo Tan Sidik (Pak Sisdiono lan Kang Yono Daryono angger ngarani Grup Intip). Tujuane maring Pemalang, mangan mi nang Warung Kurnia.

Anjog kana enyong ngobrolna soal yen pan nyalon, wakil bae, kaya sing tak critakena maring Mas Herviy. Nah nang kene Mas Aji takon. “Pak Maufur, yen kaya kuwe kang Nursoleh nyalone wakil bae?’ Sing njawab malah kang Nur dewek. “Enyong tah gemiyen nyalone gen walikota, tapi merga kahanan, enyong dikon wakil, ya wis tak tampa. Ben pengalamane lengkap. Tau dadi wakil, tau dadi PLT walikota, muga-muga trus engkone dadi walikota.” Enyong lan kanca-kanca ya mung ngomong, “Amiin.” Balike, kaya biasane, olih Intip Sorga atawa intip sing nang isore sega.