Wa Kamid krasa luwih ngarti bab kuwe timbangane Man Damin, raine katon tambah amba. Prengasane pentol dewek, Man Damin mung plenjap-plenjep ora ngarti repan ngomong apa.
“Balik maning maring prekara tutup kendang, angger ndeleng masjid-masjid, mushola-mushola sing rame pas tanggal enom, trus sepi nang tengah toli rame maning nang tanggal tuwa Romadhon sing enggal anjog bada, lah kiye dadi tugase nyong kabeh. Kiye bagiyan sing kewajibane awake ndewe sing arane fardhu kifayah, ngelingna sedulur kabeh lan sing pada-pada Muslim, mumpung akeh keutamane amal ibadah nang wulan Romadhon, aja mung kedebugan kratakan nggoleti sangu bada, tapiken ya konsisten nglakoni amal ibadah nang wulan Romadhon ora kaya tutup kendang. “ Wa Kamid tambah kiyeng olih nuturi Man Damin.
“Rika olih ngaji nang endi, Kang,” Man Damin tambah penasaran.
“Ngaji nang mbah google, “ semaure Wa Kamid. Olihe semaur endase karo mantuk-mantuk atine bangga prengasane pinter dewek.
“Brisik… rika blajar laka gurune bisa kesasar kuwe. Blajar ilmu agama kudu ana gurune. Digawe ana gurune bae olih mahami bisa ora sempurna, apamaning ka laka gurune, bisa-bisa salah pahan atawa salah sing dingerteni. Kleru toli mencong adoh karo sing bener.” Saiki ganti Man Damin sing krasa olih angin. Wa Kamid pati angin, raine katon tambah ciut. Tapiken dasare Wa Kamid, diomongi kaya kuwe tetep bae nrocos.
“Ana maning puasa pati geni, puasane wong-wong sing melu tarekat kejawen, puasane ora mangan ora nginung sedina nutug. Toli olih nglakoni nang kondong sing ditutup ora nana lampu ora nana ceplik,” kandane Wa Kamid.
“Kuwe sejen maning Kang, gudu prentah agama, “ semaure Man Damin.


