- Daning: Yono Daryono
smpantura – RUMAH susun sederhana sewa (Rusunawa) nggo warga kota Tegal sing ora nduwe atawa wong mlarat nguja digawe awit 7 November 2011, sampeken saiki gurung ngarti kapan warga bisa manggoni. Malah sing wis pada ndaptar nyewa ya gurung ngarti deweke keduman apa belih. Wong jare sing ndaptar akehe nemen, ping pindone jumlahe sing disewakna.
Semono uga Bambang Dayu, adine Man Damin wis ngarep-ngarep olih Rusunawa endah ora melu umahe mertua sol-solan karo dulur-dulure. Saben slonjor repan turu bengi ketap-ketip ngetung usuk karo mikir melu kedaptar apa ora, nganti saprene gurung ngarti primen nasibe. Atusan warga Tegal liyane sing segurunge rame-rame ndaptar saiki pada ngresula ora ngarti kapan Rusunawa dibagi, olih apa ara kayong ngapirna. Repan luruh utang nggo kontrak mbokan olih Rusunawa. Ora age-age luruh kontrakan wis wayahe kudu metu saka kontrakan.
Ana sing ngomong, Rusunawa gurung bisa dienggoni krana gurung ana listrike karo gurung ana ledenge. Pemkot lagi nggawe sumur bor mbuh kapan pragate. Gadi Rusunawa sing wis katon magrong-magrong megin suwung, saiki sing manggoni belis kali si Belis. Sing njaba katon singit, apa maning angger bengi luwih singit sing kadohan manglih kaya pagupon, lampune kelap-kelip.
Temboke wis akeh sing mletek, ubin keramike akeh sing pecah toli pating pendusul ora rata. Rusunawa sing karepe nggo mbatu wong sing ora nduwe ben ngrasakna urip anyem. Udan ora kudanan, panas ora kepanasen. Ana kondong nggo turu, ana kondong nggo dayoh, jumblenge ya ana. Repan adang ana panggonane dewek, toli ana sing nggo meme pakean ora ketang seiprit.


