Rusunawa

Eman-eman temen ya, umah tumpuk lima apik-apik bisane dijorna suwung ya Man Damin? Jarene Wa Kamid aring Man Damin.
Lah kuwe gadi mangkrak, Wa, semaure Man Damin. Ubin keramike akeh sing pecah, cet temboke wis ora gilap, toli akeh sing mletek

Ora mung kuwe Man Damin. dlanggung sing nang ngerepe Rusunawa ya sering nggawe prekara, kandane Wa Kamid sing maune njagong nang padung tangi ngadeg karo tangane srawean. Warga jalan Sawo mbang kulon sing akeh wong adol kupat blengong rentengan pinggir gili pada ngresula. Gili ora mung aspale pada nglotok, sedawene gili awit ngarep kecamatan Tegal Barat sampeken brug Belis simpangan karo Jalingkut (Jalan Liangkar Utara) pating jluwag akeh luwangane atawa bolongane. Angger udan ora mung cebrik atawa paluh, sing nggo matiri luwangane ngecembong banyu udan, akeh wong nganggo pit atawa mongtor sokan keblosok wonge tatu, mlaku pinggir, kebelet.

Gili ngarep Rusunawan, nggo pranti liwat wong-wong sing repan maring Muaratua atawa pesurungan motong liwat Jalingkut sing uga mangkrak ora pragat-pragat. Wayah udan salah mangsa kaya saiki kiye, akeh wong pada mancing nang kali Si Belis, nang gombangan, nang sawah sekitare Rusunawa. Dlanggunge sing nggo liwat ora didandandandani. Rusake gili ngarep Rusunawan kuwe krana anane pembanguanan Rusunawa. Trek-trek gede liwat gili cilik riwa-riwi nggawani matrial.

BACA JUGA :  Bung Karno Ndesep

Man Damin, rika kudu ngomong maring RT ne, kuwe gili ngarep Rusunawa sing ngrusak trek-trek gede lagi mbangun Rusunawa dibenerna oh. Aja mung didelengna tok, wis taunan ka, kandane Wa Kamid. Aja maning ka RT ne Kang, maring Kapala Dinas PU bae nyong wis tau wadul, jarene engko dong ana duwit mbokatan anggaran taun ngarep, semaure Man Damin. Egin rahat-rahate ngobrol karo Wa Kamid, Bambang Dayu adine Man Damin anjog toli melu nyrandu.