Priben, Kang. Nyong sida olih Rusunawa bleh, jarene Bambang Dayu karo kukur kukur tangan sing ora gatel. Lah ya, nyong tembeken klakep ngomong bab kuwe karo Wa Kamid. Anuk.., Mbang Rusunawa gurung pragat, toli gurung dibagi gurung ngarti sapa sing olih. Semaure Man Damin maring Bambang Dayu.
Rusunawa dijegerna ganing warga sing pengasilane setitik, ora nana abane kapan dibagi. Gili ngarep Rusunawa rusak sing sering gawe prekara uga ora dibener-benerna. Gurung kompleks BTN Nanas sing ben udan keleban bayu duwure sampeken sedengkul.
Kaya kuwe sedulur, cerita Man Damin karyane Kang Yono Daryono, sing judule Rusunawa. Mengko disambung maning karo cerita liyane. Suwun. (**)


