Surat Saka Kuburan Kauman kanggo Prof Taufiqurrohman

Daning: Atmo Tan Sidik

Nang … ning … nung … neng … nang …
Dina Jemuah paing
Ana pitutur bening
Tanggal 14 Februari
Sesanti saka Kyai Syahuri:
“Yen ilmu kudu dilakoni,
Laku kudu diilmuni”

Tanggal 2 Mei
Wis dicandrani
Kowen lair saka mane Soeedi
Nyong bapakmu Muhammad Syahuri
Wanti-wanti aja melu wolak-walik lakune wong munafik
Kowen kudu istiqomah, Topik:
“Aja liren dadi wong apik”

Poma aja mung jarkoni
Eling, kowen saka kulon Kali Pemali
Gandulana waton sing kenceng
Tetep andap asor
Senajan saiki nyandang ‘Profesor’

BACA JUGA :  Kepemimpinan Kepala Desa Dalam Pembangunan Desa

Ora usah minder asale saka desa,
Kaya pring: bambu,
Maunen disepelekna,
Saiki duwe wibawa
Bisa ngrajeg segara
Kowen ya kudu bisa
Gawe jejege hukum tata negara

error: