Unggah-unggahan

Wis dadi adatne dong pan tekane wulan puasa wong Jawa pada gawe apem. Jare Kang Turah Untung kuwe adat megengan sing maknane nahan, lugune nahan ambekan tapiken bisa dimaknani nahan sekabehe yakuwe puasa.
Nah, nang Tegal jajan apen kuwe didokon nang brekat toli digawa nang masjid. Sawise didongani dibagi maring tangga-tangga sing perek masjid, tanggane sing pada sholat nang masjid ya pada melu slametan kabeh, brekate dibagi nang masjid. Adate wong sing perek masjid Sabilul Muhtadiin pada urunan brekat se umah paling ora telung ceting pan sepuluh ceting ya ora papa. Dadi apem mau ujud anane tali silaturahmi.

Ana legenda sing nyritakna jajan apem kiye wiwitane lagi jamane Sunan Kalijaga, salah sijine wali sanga. Arane Ki Ageng Gribik atawa Sunan Geseng, muride Sunan Kalijaga, sing wektu semana bar balik kaji deweke weruh warga Desa Jatinom Klaten, pada kurang pangan. Kanjeng Sunan Geseng gawe jajan apem toli dibagekna maring warga sing kurang pangan mau karo ngucapna lafal dzikir Qowiyyu (Allah mohon ben kuat). Warga dadi wareg, kiye jarene sing ndadekna warga nang kono terus nguripna adat Ya Qowiyyu saben wulan Safar.
Dadi kuwe apem ora kur enak dipangan tapiken ana makna filosofine, “ kandane Man Damin.

“ Kaya kuwe Kang, brekate kena nggo saur ya Kang, dadi nyong ora usah ngliwet nggo saur. Toli ora usah urug, “ kandane Bi Sijah. “ Apa karepe lha, “ semaure Man Damin. “ Ning ora salah adine rika, Tinah dong pan puasa ngirim brekat ya Kang, dengaren taun kiye magel laka abane, “ jare Bi Sijah.
“ Ya mbokan lagi ora kober mene Jah, meningan wis tua asem urate sering kumat, dengkule pating cengkring, “ kandane Man Damin. “ Apa enake diparani bae ya Kang karo rika sisan maring kuburan wong tua donga, “ kandane Bi Sijah.

error: