Wolung Puluh Rahasia Tanda

Daning : Atmo Tan Sidik

Yuh luruh banyu penguripan nganggo 80 pikulan, 80 damar kanggo pepadang.

Kacarita golet banyu pikulan warih, golet geni nganggo damar, aja nganti tiwas sayah ora paedah wis mopo malah dipaido.

Ngelingi babat bibit bebet bobot, neliti endi pring apus, ampel, cendani, gading, petung, apa pring wulung.

80 taun merdeka Kang Kaji M Enthieh Mudakir, deweke mikir endah wong pesisir ora kesingkir, ora mung merceka mein kado 80 rahasia tanda

Sebab wis ceta wela wela senajan lemahe pada, uga disiram nganggo banyu sing pada, nukulaken rasa warna sing beda, kie dudu brita mung nang koran tapi ceta nang Al Qur’an.

Ji Tih, nulis kanggo bangsa Indonesia “Atas nama cinta aku bertanya, aku bernama Muhammad Islam, Tuhan seniman tak terduga, bagi negriku qori’ah cinta, bangsa ini sedang membuat peta namun belum cakap mengartikulasikannya, putar otak dengan skenario bermahzab sajak”

Tancep kayone total jendral gunggung kepruk, pada dimein juluk wong sing ora duwe isin : rai badak, wis sugih nggragas dunia bae ngrentenaken kuwe lintah darat, wis cukup umur gebleg wadon bae bandot tuwa.

BACA JUGA :  Ngresulahe Manuk Gereja Maring Menungsa sing Sungkan Maca

Ora duwe prinsip nang politik juluke grubug lutung gudel bingung, wong cilik licik cas cis cus ces cos, tengu ngadu gajah, geden empyak kurang cagak, cacing berlagak naga, keduwuren kekarepane kodok nggayuh lintang, wong sing angel dicekel prinsipe disebute welut putih,

Wong sing pura pura ora ngrongokena padahal ngarti nemen masalahe nrenggiling api mati, koruptor rukun mbagine rata ketek saranggon, melu mangan bareng bagiane tapi nrokcok dlaweran : asu teles njagrag bae.

80 rahasia tanda nang 80 taun merdeka moga cukup kanggo tanda tanda, merdeka atau mati ? Lah ente ka bingung njawabe : apa jare kanca sing crita, apa jare tangga sing kanda, ana fatwa sing penting aja jumawa, sebab wis dimein kado saka Ji Tih, 80 rahasia tanda.

Atmo Tan Sidik adalah Pegiat Literasi, Duta Baca Kota Tegal, Penerima Anugerah Kebudayaan Kemendikbud RI dan Penerima Penghargaan Tokoh Pamomong Jawa Tengah, 25 Juli 2025. (**)

error: