Wurung Inggek Nang PAI

Pantai Alam Indah Kota Tegal.-radartegal.com

MANG DAMIN wurung inggek nang Pantai Alam Indah (PAI). Wurunge Man Damin dudu krana wedi klelep, kaya bocah bujangan sing lagi bada toli bar kuwe wong tua mati ora bisa inggek kegawa ombak. Malah jarene sejerone taun 2011 ana wong 13 plesiran nang PAI klelep, sing mati 6. Angger krungu kabar kuwe kayong medeni. Paribasane pan kecehan nang PAI bae mrinding. “Ingek tah cerem, oh. Sing cilik mula wis kulina inggek nang PAI.” Kandane Man Damin.

Lagi cilik ben dina minggu Damin, Kemung, Kamid , bocah telunan langganan adus-adusan nang Lembang sing saiki arane PAI. Bagjane mlaku sing Kripikan Pekauman, sangune bodin godog karo gula Jawa. Jaman seprana laka sing adang-adangi kon mbayar apamaning parkiran, kabeh gratis, bledeng liwat bae. Malah sering liwat gili ngarepe PT Menara sing nggawe karo ndandani kapal atawane galangan kapal.

Segara Tegal waktu semono bersih pesisire egin perek sing kampung. Warung “Samudra” sing saiki nggo losmen ya perek citek sing ombak. Toli PAI gemiyen sekelilinge akeh witwitan cemara mentit-mentit. Akeh eyub-eyuban atik kayu nggo jagongan. Jare wong saiki arane gasebo. Angger mangsa ketiga toli penther tetep semriwing ora kaya saiki, semelet toli semromong. Suarene cemara karo suara ombak kayong serem.

BACA JUGA :  Dilemalisasi Boikot Produk yang Terafiliasi Dengan Israel

Wad…wud…wad…wud…glegerrr…Segara warnane biru, ora butek toli ubur-ubur katon pating sliwer. Wis diniati pan inggek nang segara, dina minggu esuk-esuk mruput Man Damin ngresiki motor pit kriditane sing katon belok. Teyang-teyang Man Damin atik motor pit muter-muter kota, ora suwe anjog PAI. Nang lawang sing pan manjing kalangan PAI, Man Damin diendeg daning wong sing atik klambi seragam pemrentahan. Man Damin kudu tuku karcis. Krana atik motor pit, Man Damin dijaluki bayaran telung ewu perak.

error: