Wurung Inggek Nang PAI

Pantai Alam Indah Kota Tegal.-radartegal.com

Nang plataran PAI numpake motor pit alon-alon nyawangi Monumen Bahari, witwitan sing godonge pada kuning, nyawang water boom sing njaba. Pan mlebu kudu mbayar maning dadi Man Damin kur nyawang sing rajek wesi. “Pentholan ah pesisire saiki ana slurukan banyune”. Man Damin mbatin.

Wong Man Damin penginne inggek dadi ngalor terus mereki segara. Madhan perek segara , ana pring nlalang nggo waket. Motor pit diendeg ora olih terus kudu dititipna. Pomarongpoma aja wani-wani mrobos, engko gawe perkara. “ Mandeg, Man,” Jare wong sing njaga parkiran. “ Sampeyan angger pan inggek apa kecehan, motor pite ditinggal kene bae.”

“ Lah engko sing njaga sapa?” Kandane Man Damin. “ Ya ana petugase enyong ana keding.” Jawabane tukang parkir. “ Eh ya wis, natur kewusun. “ Man Damin ndalah motor pite karo ngosog toli mlaku ngalor. Tukang parkire nyawel, “ Sampeyan aja lunga ndingin mbayar tuli rong ewu perak nggo ongkos nitipna.” Man Damin clingukan, “ Eh mbayar maning, mau nang lawang mbayar kiye mbayar maning, priben sih. Ora sidah lah.” Man Damin mendhengkel nglius lunga karo nggremeng nuntun motor pite ngadohi parkiran. “Ana-ana bae wis mbayar kon mbayar maning, toli duite mlebu sapa. PAI kuwe tah fasilitas publik, bisane ana portal parkir liya”.

BACA JUGA :  URBAN RETROFITTING

Selugune Man Damin gelem bae mbayar parkiran rong ewu perak, tapiken ndeleng panggonane kayong ora peta . Wis kaya kuwe pesisire isine warung pating jlalat, plowotan anjungan pada ambles, toli anjungane meyeg.
Dhonge parkiran nang PAI itung-itungane karo pemrentahe priben. Pitakonan kuwe kayane ora penting, ana sing luwih penting priben pemrentahe ngatasi wong sing pada nganggur. Lah portal nang PAI kuwe wujud nyata angele luruh gawean. Malah tukang parkire nang kana jarene ana sing awite nelayan, tapiken krana iwake pada ngadohi sampeke anjog Kalimantan, nelayan sing nduwene mung prau cilik pada didoli. Apamaning regane solar ora mupakat toli jatahe ora akeh.

error: